Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 8:8 - Kitab Sutji

8 Uga Yesua, Bani, Serebya, Yamin, Akub, Sabetai, Hodia, Maaseya, Kelita, Azarya, Yozabad, Hanan, Pelaya, para wong Lewi, padha mulangake Toret iku marang wong-wong mau, nalika padha ngadeg ana ing panggonane dhewe-dhewe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 8:8
16 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu banjur tedhak menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah kadherekake dening sakehe wong Yehuda lan kabeh pendhudhuk Yerusalem, para imam, para nabi lan sakehe rakyat lumrah, wiwit kang cilik nganti kang gedhe. Panjenengane tumuli maosake sakehing pangandika ing kitab prajanjian kang ketemu ana ing padalemaning Sang Yehuwah mau.


Lah saiki layang paturan kang sira unjukake marang ingsun iku wus kawaca ana ing ngarsaningsun kanthi gamblang:


Mangkono uga para wong Lewi padha ngarih-arih marang wong sabangsa kabeh supaya meneng, tembunge: “Diayem awitdene dina iki dina suci. Aja padha prihatin!”


Imam Ezra tumuli memuji marang Sang Yehuwah, Gusti Allah kang mahaagung, sarta wong kabeh padha sumaur: “Amin! Amin!” kanthi ngulukake tangan. Banjur padha jengkeng, sujud nyembah marang Sang Yehuwah, raine konjem ing lemah.


Perangan-perangane ing kitab iku, yaiku Torete Gusti Allah, kawacakake kalawan cetha lan diterangake, satemah wong-wong padha ngreti surasane.


Nalika padha ngadeg iku, banjur diwacakake perangan-peranganing kitab Torete Sang Yehuwah, Gusti Allahe, saprapat dina suwene, sarta seprapat dina maneh padha ngakoni dosane, lan sumungkem sujud nyembah marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe,


Anadene ratu iku mlebu metune bareng karo wong-wong mau.


Ing kono Pangeran Yehuwah banjur paring wangsulan marang aku mangkene: “Wahyu iku sira tulisana, kacathetana kang cetha ana ing papan-papan, supaya kenaa diwaca dening wong kang liwat.


Tumuli padha diparingi katrangan bab sabarang kang wis katulisan ing Kitab Suci kabeh tumrap Panjenengane, wiwit kitab-kitabe Nabi Musa lan kitab-kitabe para nabi.


Wong loro mau tumuli padha sapocapan mangkene: “Atiku rak wis padha ngangah-angah, nalika Panjenengane ngandika marang aku kabeh ana ing dalan lan nalika Panjenengane nerangake Kitab Suci marang kowe lan aku?”


Panjenengane banjur mbuka pikirane wong-wong mau supaya padha ngreti marang Kitab Suci.


Banjur padha namtokake dinane. Ing dina kang wis katamtokake iku, wong-wong mau padha teka ing dalem pamondhokane Rasul Paulus. Panjenengane nuli paring katrangan lan paseksen bab Kratoning Allah sarta ngyakinake bab Gusti Yesus adhedhasar angger-anggere Nabi Musa lan kitabe para nabi. Pamulange wiwit esuk nganti sore.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan