NEHEMYA 8:7 - Kitab Sutji7 Imam Ezra tumuli memuji marang Sang Yehuwah, Gusti Allah kang mahaagung, sarta wong kabeh padha sumaur: “Amin! Amin!” kanthi ngulukake tangan. Banjur padha jengkeng, sujud nyembah marang Sang Yehuwah, raine konjem ing lemah. Faic an caibideil |
Sang Prabu Hizkia paring pangalembana marang sakehe wong Lewi kang anggone leladi marang Pangeran Yehuwah kanthi wasis. Kaya mangkono anggone wong-wong padha mangan pangan riyaya ing sajrone pitung dina, kambi saos kurban slametan sarta ngunjukake panuwun marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.
Sang Prabu ngandika marang para wong Lewi, kang padha aweh piwulang marang wong Israel lan para wong kang kasucekake kagem Pangeran Yehuwah: “Pethi suci iku prenahna ana ing dalem yasane Sang Prabu Suleman putrane Sang Prabu Dawud, ratu ing Israel. Ora usah sira usung maneh. Saiki sira padha leladia marang Pangeran Yehuwah, Allahira, lan Israel, umate!