Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 8:6 - Kitab Sutji

6 Imam Ezra banjur mbikak kitab mau, kadeleng dening wong saumat kabeh, amarga anggone jumeneng ngungkuli wong kabeh. Bareng karo pembukake kitab mau wong sapasamuwan padha ngadeg kabeh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 8:6
30 Iomraidhean Croise  

Nanging Rama Abram matur marang raja ing Sodom: “Kula supaos demi Sang Yehuwah, Allah Ingkang Mahaluhur, ingkang nitahaken langit lan bumi,


Ing kono abdi mau tumuli jengkeng lan tumungkul ana ing ngarsane Sang Yehuwah, sarta nyebut:


Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, wiwit saka ing kalanggengan tumeka ing kalanggengan. Wong saumat kabeh banjur padha ngucap: “Amin! Padha ngluhurna Pangeran Yehuwah!”


Sang Prabu Dawud banjur memuji marang Pangeran Yehuwah ana ing ngarepe wong sapasamuwan iku kabeh. Unjuke Sang Prabu Dawud: “Pinujia Paduka dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun leluhur kawula Israel, saking kalanggengan dumugi kalanggengan.


Sawuse mangkono Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang wong sapasamuwan kabeh iku: “Padha memujia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira!” Wong sapasamuwan kabeh nuli padha memuji marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, tumuli padha jengkeng sujud marang Pangeran Yehuwah tuwin marang Sang Nata.


Sang Prabu Yosafat banjur jengkeng, wedanane konjem ing lemah. Wong Yehuda kabeh lan para wong kang manggon ing Yerusalem uga padha sujud ana ing ngarsaning Yehuwah sarta padha nyembah marang Panjenengane.


Lah saiki ingsun kagungan karsa arep nganakake prajanjian karo Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, supaya bebendune kang mulad-mulad iku sumingkir saka kita.


Sang Prabu Hizkia lan para panggedhe padha dhawuh marang para wong Lewi supaya padha ngrepekake kidung pepujian kagem Pangeran Yehuwah nganggo tembung-tembung anggitane Sang Prabu Dawud lan Asaf, wong sidik. Wong mau nuli ngrepekake kidung pepujian kalawan bungah lan banjur jengkeng sujud.


Pangandikane Sang Nata: “Pinujia Sang Yehuwah, Gusti Allahe wong Israel, kang wus nindakake kalawan astane apa kang kapangandikakake kalawan lesane marang Rama Dawud, ramaningsun, mangkene:


Karodene aku iya ngebutake lempitaning jubahku klawan pangucap: “Kayaa mangkene anggone Gusti Allah bakal ngipatake saben wong kang ora netepi ing kasaguhane iku, dikipatake saka ing omahe lan saka ing wohing kangelane. Mangkono anggone kakipatake lan dadi kopong.” Wong sapasamuwan kabeh tumuli padha muni: “Amin,” banjur padha memuji marang Sang Yehuwah. Rakyat banjur padha netepi ing kasaguhane mau.


Imam Ezra tumuli memuji marang Sang Yehuwah, Gusti Allah kang mahaagung, sarta wong kabeh padha sumaur: “Amin! Amin!” kanthi ngulukake tangan. Banjur padha jengkeng, sujud nyembah marang Sang Yehuwah, raine konjem ing lemah.


Tanganmu padha ulukna madhep marang papan suci, lan padha saosa puji marang Sang Yehuwah.


Pandonga kawula mugi dadosa kados kurban dupa arum kagem Paduka, saha tangan kawula ingkang kawula ulukaken dadosa kados pisungsung kurban ing wanci sonten.


Paduka mugi karsaa miyarsakaken swantening panyuwun kawula, manawi kawula sesambat dhumateng Paduka nyuwun tulung, tuwin njunjung tangan kawula ngener dhateng padaleman Paduka ingkang mahasuci.


Wondene menggah ing kawula, Paduka ngekahaken kawula margi saking temen kawula, sarta Paduka jejegaken wonten ing ngarsa Paduka ing salami-laminipun.


Amargi sih-kadarman Paduka langkung sae tinimbang gesang; lambe kawula badhe memuji asma Paduka.


Awitdene Pangeran Yehuwah iku Allah kang agung, sarta Raja agung kang ngungkuli sakehing allah.


tumuli padha wangsulana: Iku kurban Paskah sumaos marang Pangeran Yehuwah, kang nglangkungi omah-omahe wong Israel ana ing tanah Mesir, nalikane wong Mesir katibanan wewelak, nanging omah-omah kita diayomi.” Wong akeh banjur padha tumelung lan sumungkem sujud.


Bangsa mau banjur ngandel, sarta bareng krungu yen Pangeran Yehuwah wus nuweni marang wong Israel lan wus mirsani ing kasangsarane, temah padha jengkeng sujud.


Pangandikane Nabi Yeremia: “Amin! Muga-muga Sang Yehuwah tumindak mangkono! Muga-muga Sang Yehuwah netepi kaya surasane kang kokwecakake iku mungguh baline piranti-piranti padalemane Sang Yehuwah lan sakehe wong buwangan iku saka ing tanah Babil.


Mara, payo padha ngulukake ati lan tangan kita marang Gusti Allah ing swarga lan munjuk:


lan ana geni metu saka ing ngarsane Sang Yehuwah kang mangsa kurban obaran lan sawernaning gajih kang ana ing misbyah. Bareng wong sabangsa ndeleng kaanan mangkono iku, tumuli padha surak-surak lan sumungkem sujud.


Panjenengane banjur tindak ora adoh saka ing kono, nuli sujud lan ndedonga, ature: “Dhuh, Rama kawula, manawi pancen saged, mugi tuwung punika sumingkir saking Kawula, nanging sampun ngantos kajeng Kawula, namunga sakarsa Paduka.”


Punapa dene kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha, nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon. [Awitdene Paduka ingkang kagungan Kraton saha wisesa tuwin kamulyan salami-laminipun. Amin.]


Sabab, manawa anggonmu muji sokur mung nganggo rohmu, wong lumrah kang padha ana ing kono, kapriye anggone bisa ngamini pamuji sokurmu iku? Wong mau rak ora padha ngreti apa kang kokucapake?


Pinujia Gusti Allah lan Ramane Gusti kita Yesus Kristus, kang wus mberkahi kita ana ing Sang Kristus kalawan sarupane berkah kasukman kang ana ing swarga.


Kang iku karepku wong lanang supaya padha ndedongaa ana ing saenggon-enggon kalawan ngulukake tangan kang suci, aja nganggo nepsu utawa padudon.


Pinujia Gusti Allah iya Ramane Gusti kita Yesus Kristus, kang marga saka gunging sih-palimirmane wis nglairake kita maneh tumuju marang urip kang kebak ing pangarep-arep lumantar wungune Gusti Yesus Kristus saka ing antarane wong mati,


Anadene sakehing malaekat padha mapan ana ing saubenging dhampar lan para pinituwa tuwin makluk papat iku. Iku padha sumungkem ana ing ngarepe dhampar sarta padha sujud marang Gusti Allah,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan