Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 8:5 - Kitab Sutji

5 Imam Ezra, ahli kitab iku, jumeneng ana ing mimbar kayu, kang ginawe pancen kanggo kapreluan iku. Kang ngadeg ana ing sisih tengene: Matica, Sema, Anaya, Uria, Hilkia, lan Maaseya, dene ing sisih kiwane: Pedaya, Misael, Malkia, Hasum, Hasbadana, Zakhariya lan Mesulam.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 8:5
6 Iomraidhean Croise  

Ing nalika samana Sang Prabu Suleman nuli ngandika: “Pangeran Yehuwah wus mrenahake srengenge ana ing langit, nanging Panjenengane milaur dedalem ana ing pepeteng.


Sawuse mangkono Sang Prabu nuli minger mberkahi sapasamuwane Israel kabeh, anadene sapasamuwane Israel kabeh padha ngadeg.


Ing tanggal sapisan sasi kapitu Imam Ezra banjur ngasta kitab Toret mau menyang ing ngarepe pasamuwan, yaiku pakumpulane wong lanang wadon tuwin sakehe wong kang bisa nampani.


Imam Ezra tumuli maos perangan-perangan sawatara saka kitab iku ana ing ngareping gapura Banyu, wiwit wayah esuk tumeka wayah tengange, ana ing ngarepe wong lanang lan wadon tuwin kang bisa nampani. Wong kabeh padha nggatekake marang pamacane kitab Toret iku.


Sang Ehud tumuli sowan mlebu; nalika iku Sang Prabu pinuju piyambakan ana ing panggungan ing dalem pangisisan kang kagem ing sarirane piyambak. Sang Ehud tumuli munjuk: “Kawula badhe nglantaraken dhawuhipun Gusti Allah dhumateng panjenengan dalem.” Sang Prabu Eglon tumuli jumeneng saka ing palenggahane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan