Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 8:3 - Kitab Sutji

3 Ing tanggal sapisan sasi kapitu Imam Ezra banjur ngasta kitab Toret mau menyang ing ngarepe pasamuwan, yaiku pakumpulane wong lanang wadon tuwin sakehe wong kang bisa nampani.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 8:3
25 Iomraidhean Croise  

Iku padha ngumpul karo sadulur-sadulure, yaiku para panggedhene. Padha prajanji kalawan supata yen bakal manut marang angger-anggere Gusti Allah kang diparingake lumantar Nabi Musa, abdine Gusti Allah iku, sarta bakal netepi lan ngestokake sakehing pepakene Sang Yehuwah, yaiku Gustiku kabeh, sarta saliring pranatan lan katetepane.


Ing nalika iku perang-perangane kitabe Nabi Musa kawaca lan karungokake dening rakyat. Ing kitab kono tinemu ana tulisan kang mratelakake, manawa wong Amon lan wong Moab iku ing salawase ora kena lumebu ing pasamuwane Gusti Allah.


Nalika wus nyandhak sasi kapitu, bareng wong Israel wus padha manggon ana ing kuthane dhewe-dhewe,


Wong sapasamuwan kabeh yaiku wong kang padha mulih saka ing pambuwangan, padha gawe tarub, lan manggon ing kono. Pancen wong Israel ora tau nglakoni kang mengkono iku, wiwit jamane Sang Yusak, bin Nun kongsi tumeka ing wektu mau. Nuli padha nganakake pista gedhen-gedhen.


Imam Ezra tumuli maos perangan-perangan sawatara saka kitab iku ana ing ngareping gapura Banyu, wiwit wayah esuk tumeka wayah tengange, ana ing ngarepe wong lanang lan wadon tuwin kang bisa nampani. Wong kabeh padha nggatekake marang pamacane kitab Toret iku.


Imam Ezra, ahli kitab iku, jumeneng ana ing mimbar kayu, kang ginawe pancen kanggo kapreluan iku. Kang ngadeg ana ing sisih tengene: Matica, Sema, Anaya, Uria, Hilkia, lan Maaseya, dene ing sisih kiwane: Pedaya, Misael, Malkia, Hasum, Hasbadana, Zakhariya lan Mesulam.


Sang Prabu Dawud piyambak nyebat Gusti, nanging kapriye dene dadi tedhake?” Anadene akeh banget wong kang padha dhemen ngrungokake pangandikane.


nanging padha ora ngreti patrape kapriye, amarga kabeh wong padha tansah ngraketi Panjenengane sarta padha kapengin ngrungokake piwulange.


Awit saka iku, patrapmu ngrungokake iku gatekna. Amarga sapa kang duwe iku bakal kaparingan, nanging sing sapa ora duwe, iku bakal kapundhutan dalah apa kang kanyana duweke.”


Sawise angger-anggering Toret lan kitabe para nabi kawaca, para punggawaning papan pangibadah padha kongkonan matur marang sakarone: “Para sadherek, bokbilih panjenengan sami kagungan pangandika minangka pambangun saha panglipur tumrap umat punika, sumangga kula aturi nglairaken.”


Sabab para ingkang sami manggen ing Yerusalem saha para pangagengipun sami boten purun ngakeni Gusti Yesus. Saha margi saking anggenipun lajeng ndhawahaken paukuman pejah tumrap Panjenenganipun, sami njalari kayektosanipun pangandikaning para nabi, ingkang kawaos ing saben dinten Sabat.


Amargi sampun wiwit jaman rumiyin angger-anggeripun Nabi Musa punika kaundhangaken wonten ing saben kitha, saha dumugi sapriki ing saben dinten Sabat kawaos wonten ing papan-papan pangibadah.”


Ana sawijining wong wadon panunggalane, jenenge Lidhia, kang melu ngrungokake. Iku dadi bakul kain wungu, pinangkane saka ing kutha Tiatira, wong kang bekti ing Allah. Atine wis binuka dening Gusti, mulane migatekake marang apa kang dipangandikakake dening Rasul Paulus.


Wong-wong Yahudi ing kutha kono atine padha luwih becik tinimbang para wong Yahudi ing Tesalonika, sabab padha nampani pangandika kalawan eklasing ati sarta saben dina padha niti-priksa Kitab Suci supaya bisa sumurup, apa iku kabeh wis bener mangkono.


Bareng wangsul minggah, Rasul Paulus banjur nyuwil-nyuwil roti lan dhahar, isih ngandikan maneh nganti suwe, nganti wanci bang-bang wetan, banjur bidhal.


Nalika ing dina kapisan ing minggu iku, aku padha nglumpuk nyuwil-nyuwil roti. Rasul Paulus reraosan karo para sadulur ing kono, jalaran karsane arep bidhal esuke. Anggone ngandikan iku nganti wanci tengah wengi.


Banjur padha namtokake dinane. Ing dina kang wis katamtokake iku, wong-wong mau padha teka ing dalem pamondhokane Rasul Paulus. Panjenengane nuli paring katrangan lan paseksen bab Kratoning Allah sarta ngyakinake bab Gusti Yesus adhedhasar angger-anggere Nabi Musa lan kitabe para nabi. Pamulange wiwit esuk nganti sore.


Sawuse nabi Musa nyerati angger-anggere Toret, iku banjur diparingake marang para imam bani Lewi, kang ngusung pethi prasetyaning Pangeran Yehuwah lan marang sakehe para tuwa-tuwane Israel;


Awit saka iku aku iya tansah padha saos sokur marang Gusti Allah, dene pangandikane Gusti Allah kang padha dakwartakake marang kowe iku wus padha koktampani, ora kokanggep pituturing manungsa, nanging – lan iki pancen iya nyata mangkono – kokanggep sabdaning Allah, kang uga makarya ana ing kowe kang padha pracaya.


Kabeh kang wus kaprentahake dening Nabi Musa ora ana satembung bae kang ora diwaos dening Senapati Yusak ana ing ngarepe pasamuwane Israel kabeh, sarta ing ngarepe para wong wadon lan bocah-bocah, tuwin bangsa ngamanca kang padha melu ing lakune.


Sapa sing duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan.”


Sing sapa duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan