Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 8:2 - Kitab Sutji

2 nuli wong sabangsa kabeh padha sarujuk nglumpuk ana ing plataran sangareping gapura Banyu. Panyuwune marang Imam Ezra ahli kitab, supaya mundhut kitabe Toret Nabi Musa, yaiku kitab angger-angger kang wus kadhawuhake Sang Yehuwah marang Israel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 8:2
14 Iomraidhean Croise  

Iku padha ngumpul karo sadulur-sadulure, yaiku para panggedhene. Padha prajanji kalawan supata yen bakal manut marang angger-anggere Gusti Allah kang diparingake lumantar Nabi Musa, abdine Gusti Allah iku, sarta bakal netepi lan ngestokake sakehing pepakene Sang Yehuwah, yaiku Gustiku kabeh, sarta saliring pranatan lan katetepane.


Ing nalika iku perang-perangane kitabe Nabi Musa kawaca lan karungokake dening rakyat. Ing kitab kono tinemu ana tulisan kang mratelakake, manawa wong Amon lan wong Moab iku ing salawase ora kena lumebu ing pasamuwane Gusti Allah.


Wong sapasamuwan kabeh yaiku wong kang padha mulih saka ing pambuwangan, padha gawe tarub, lan manggon ing kono. Pancen wong Israel ora tau nglakoni kang mengkono iku, wiwit jamane Sang Yusak, bin Nun kongsi tumeka ing wektu mau. Nuli padha nganakake pista gedhen-gedhen.


Perangan-perangane ing kitab iku, yaiku Torete Gusti Allah, kawacakake kalawan cetha lan diterangake, satemah wong-wong padha ngreti surasane.


Ing tanggal patlikur sasi iku uga, wong Israel padha nglumpuk lan puwasa kalawan manganggo sandhangan prihatin sarta sirahe kawur-wuran lemah.


Wong banjur celathu: “Sapa sing arep diwulang bab kawruhe lan sapa sing bakal diwenehi katrangan bab wahyu-wahyune? Kaya-kaya bocah sapihan anyar kang lagi kabethot saka susu!


“Sira ndhawuhana wong Israel mangkene: Ing sasi kapitu tanggal sapisan ing sasi iku, iku sira dadekna dina pangasoan, dina pangeling-eling kanthi swaraning kalasangka yaiku dina kumpulan suci.


Marga lambene imam iku isi kawruh lan wong-wong padha golek piwulang saka ing cangkeme, awit imam iku utusane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.


Ing sasi kapitu tanggal sapisan sira padha nganakna pasamuwan suci, sarta aja nindakake sadhengah pagawean kang abot, iku dadia dina ngunekake kalasangka.


Amargi sampun wiwit jaman rumiyin angger-anggeripun Nabi Musa punika kaundhangaken wonten ing saben kitha, saha dumugi sapriki ing saben dinten Sabat kawaos wonten ing papan-papan pangibadah.”


Samangsa wus kelakon lenggah ing dhamparing keprabon, banjur gawea layang turunane angger-angger iki, miturut kitab kang kadarbe dening para imam lan wong Lewi.


Kabeh kang wus kaprentahake dening Nabi Musa ora ana satembung bae kang ora diwaos dening Senapati Yusak ana ing ngarepe pasamuwane Israel kabeh, sarta ing ngarepe para wong wadon lan bocah-bocah, tuwin bangsa ngamanca kang padha melu ing lakune.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan