Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 8:1 - Kitab Sutji

1 Nalika wus nyandhak sasi kapitu, bareng wong Israel wus padha manggon ana ing kuthane dhewe-dhewe,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 8:1
25 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu banjur tedhak menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah kadherekake dening sakehe wong Yehuda lan kabeh pendhudhuk Yerusalem, para imam, para nabi lan sakehe rakyat lumrah, wiwit kang cilik nganti kang gedhe. Panjenengane tumuli maosake sakehing pangandika ing kitab prajanjian kang ketemu ana ing padalemaning Sang Yehuwah mau.


Imam Agung Hilkia tumuli ngandika marang Sang Safan, sekretaris nagara: “Kula kala wau manggih kitab Toret wonten ing padalemaning Sang Yehuwah!” Imam Agung Hilkia banjur masrahake kitab iku marang Sang Safan,


Sang Prabu nuli tindak menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah, kadherekake ing wong Yehuda lan kang manggon ing Yerusalem kabeh, para imam, para wong Lewi, lan wong sabangsa kabeh, kang gedhe lan kang isih cilik. Sang Prabu banjur maosake wong mau kabeh sakehing sabda ing kitab prajanjian kang katemu ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah mau.


Sawuse lelakon iku mau kabeh, nalika jumenenge Sang Prabu Artahsasta, ratu ing nagara Persia, Imam Ezra nuli mangkat, yaiku putrane Sang Seraya, bin Azarya bin Hilkia,


Amarga wus gembleng tekade Imam Ezra anggone arep nitipriksa lan nindakake Torete Sang Yehuwah, apadene mulang bab pranatan lan sarak ana ing Israel.


Iki turunane layang paringe Sang Prabu Artahsasta marang Imam Ezra, imam lan ahli Kitab, kang wasis ing bab isining sakehe pepaken lan pranatane Sang Yehuwah marang Israel:


Imam Ezra iku budhal saka ing Babil. Panjenengane iku ahli Kitab, putus ing Torete Nabi Musa, peparinge Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel. Lan Sang Prabu maringi apa kang disuwun, amarga astane Pangeran Yehuwah ngayomi panjenengane.


Wong-wong iku uripe nalika jamane Yoyakim bin Yesua bin Yozadak lan ing jamane Sang Bupati Nehemya lan Imam Ezra, ahli kitab.


Bareng tekan ing gapura Sendhang, banjur padha munggah ing undhak-undhakaning kuthane Prabu Dawud, ing unggah-unggahaning balowarti kang ngliwati kadhatone Prabu Dawud, tutug ing gapura Banyu sisih wetan.


nganti tutug ing ngarepe gapura Banyu, ing sisih wetan, lan ing ngarepe menara kang munggul. Dene para abdi ing Padaleman Suci padha manggon ana ing Ofel.


sarta kadhawuhan nggiyarake undhang-undhang marang sakehing kutha-kutha tuwin ing Yerusalem, kang surasane mangkene: “Padha menyanga ing pagunungan, ameka godhong jaitun, godhong wit lenga, godhong wit murad, godhong wit kurma lang godhong wit kang ngrembuyung, kagawe yasa tarub, netepi apa kang katulisan.”


Ing tanggal sapisan sasi kapitu Imam Ezra banjur ngasta kitab Toret mau menyang ing ngarepe pasamuwan, yaiku pakumpulane wong lanang wadon tuwin sakehe wong kang bisa nampani.


“Ngupayaa piwulang lan paseksen!” Sing sapa celathu ora mangkono iku ora kaplethekan bangbang wetan.


Tumuli padha nggawa apa kang kaprentahake dening Nabi Musa menyang ing ngarepe Tarub Pasewakan, lan wong sapasamuwan kabeh padha maju lan ngadeg ana ing ngarsane Sang Yehuwah.


Padha elinga marang Toret kang wus Sundhawuhake marang Musa, abdiningSun, nalika ana ing gunung Horeb, supaya kawartakna marang Israel kabeh, yaiku pranatan-pranatan lan pepakon-pepakon.


Gusti Yesus banjur ngandika: “Mulane saben ahli Toret kang nampani piwulang bab Kratoning Swarga iku upamane kaya wong kang duwe omah, kang metokake barang anyar lan barang lawas saka ing pasimpenane.”


“Bilai kowe, heh, para ahli Toret lan para wong Farisi, heh, wong lamis, awit kowe ngancingi lawange Kratoning Swarga ana ing ngarepe wong, sabab kowe dhewe ora mlebu lan wong kang arep lumebu kokalang-alangi.


“Para ahli Toret lan para wong Farisi iku padha nglinggihi palenggahane Nabi Musa.


“Mulane delengen, Aku ngutus nabi-nabi, para wong wicaksana lan para ahli Toret nekani kowe sarta ana kang banjur kokpateni lan koksalib, ana maneh kang bakal padha koksapu ana ing papan-papan pangibadahmu, lan kokoyak-oyak saka ing kutha kang siji menyang ing kutha sijine,


samangsa wong Israel kabeh padha nglumpuk seba ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing panggonan kang bakal pinilih dening Panjenengane, nuli kowe macaa angger-anggere Toret iki ana ing ngarepe wong Israel kabeh.


Tumuli wong Israel kabeh padha metu ngumpul seba marang ing ngarsane Sang Yehuwah ing Mizpa, lan sabiyantu padha nglumpuk wiwit saka ing Dhan nganti tutug ing Bersyeba, lan uga saka ing tanah Gilead.


Sagolongane wong kabeh banjur padha saiyeg tumandang, pangucape: “Panunggalan kita siji bae ora ana kang mulih menyang kemahe, siji bae ora ana kang bali menyang ing omahe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan