NEHEMYA 7:6 - Kitab Sutji6 Iki pratelane ing propinsi Yehuda kang padha mangkat mulih saka ing pambuwangan, yaiku para tawanan kang biyen padha diangkatake dening Sang Prabu Nebukadnezar ratu ing tanah Babil, nuli padha bali mulih menyang ing Yerusalem lan ing Yehuda, sawiji-wijine menyang ing kuthane dhewe-dhewe. Faic an caibideil |
Mugi kauningana ing Sang Prabu, bilih kawula sampun sami dhateng ing tanah Yehuda, dhateng ing padalemanipun Allah Ingkang Mahaagung. Padaleman punika saweg kabangun mawi sela ingkang ageng-ageng sarta tembokipun karangkepan gebyog lan anggenipun nindakaken padamelan punika klayan saestu, sarta panggarapipun tumindak rancag.