Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 7:3 - Kitab Sutji

3 Aku banjur kandha marang wong-wong iku: “Gapura-gapura Yerusalem aja nganti diwengakake sadurunge srengenge panas sumelet, lan lawang-lawange kudu diinebake sarta padha kaslarakna ing sajrone wong isih padha nyambutgawe ana ing panggonane. Apadene padha mataha wong jaga panunggalane wong ing Yerusalem, siji-sijine anaa ing papan pajagan lan ing ngareping omahe.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 7:3
8 Iomraidhean Croise  

Mulane yen ngarepake dina Sabat ing gapura-gapura Yerusalem wus katon remeng-remeng, aku akon nutup gapura-gapura lan dakprentahake supaya aja diwengakake sadurunge kliwat dina Sabat. Karomaneh aku mapanake wongku sawatara ana ing gapura-gapura, supaya aja ana momotan lumebu ing dina Sabat.


Sawuse iku wong kang padha mbangun Benyamin lan Hasub ana ing ngarepe omahe. Sawuse iku kang mbangun Azarya, bin Maaseya, bin Ananya sandhing omahe.


Kawajiban ngawat-awati Yerusalem dakpasrahake marang sadulurku Hanani lan Hananya, panggedhening beteng, amarga Hananya iku wong kang kena dipracaya lan wedi marang Gusti Allah ngungkuli wong-wong liyane.


Anadene kutha iku gedhe lan jembar, nanging wong kang manggon ing kono mung sathithik, lan omah-omah durung nganti padha dibangun.


Kidung jiyarah anggitane Prabu Suleman. Manawa dudu Pangeran Yehuwah kang yasa omah, tanpa gawe panggarape tukange; manawa dudu Pangeran Yehuwah kang ngreksa marang kita, tanpa gawe wong jaga anggone melek.


awit Pangeran nyantosani slaraking gapuramu, sarta mberkahi anak-anakmu ana ing wewengkonmu.


“Lah kowe padha daklakokake kayadene wedhus gembel menyang ing satengahing asu ajag, mulane sing ngati-ati kaya ula lan sing bares kaya manuk dara.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan