Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 7:1 - Kitab Sutji

1 Bareng balowartine wus rampung, aku banjur masang lawang-lawange. Sawuse iku banjur ngangkat jaga-gapura, pasindhen lan para wong Lewi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 7:1
12 Iomraidhean Croise  

Wong mau nuli padha mangkat lan banjur nguwuh-uwuh marang para kang jaga gapuraning kutha lan nyaritakake marang wong-wong iku, tembunge: “Kula sampun sami lumebet ing pakuwonipun tiyang Aram, jebul ing ngriku sampun boten wonten tiyang saha sampun boten kepireng swaraning tiyang, ingkang wonten namung kapal kaliyan kuldi cancangan; tarub-tarub sami dipun tilar mekaten kemawon.”


Sang Prabu Hizkia tumuli merang-merang para imam lan para wong Lewi, didadekake golongan-golongan manut kawajibane dhewe-dhewe tumrap imam lan tumrap wong Lewi, ing bab saos kurban obaran lan kurban slametan, bab ngucap sokur lan ing bab ngidungake pepujian sarta ing bab leladi ana ing gapura-gapura ing papan patarubaning Yehuwah.


Bareng nyandhak taun kang kapindho sawuse padha teka ing padalemaning Allah ing Yerusalem ing sasi kapindho, Sang Zerubabel putrane Sang Sealtiel lan Imam Yesua putrane Imam Yozadak karo para sadhereke liyane, yaiku para imam lan para wong Lewi, apadene sakehe wong kang padha bali saka ing tawanan menyang ing Yerusalem, padha wiwit tumandang ing gawe, sarta padha matah para wong Lewi kang umur rong puluh taun sapandhuwur supaya padha ngulat-ulatake pagawean mbangun padalemaning Pangeran Yehuwah.


Amarga wong Israel lan wong Lewi kudu nggawa pisungsung mligi kang arupa gandum, anggur lan lenga menyang ing kamar-kamar mau. Ing kono ana piranti-piranti papan pasucen, uga panggonane para imam kang nganakake pangibadah, apadene para jaga gapura lan pasindhen. Aku ora bakal padha ngedhagake padalemane Allahku.


Iki pratelane bab para penggedhening propinsi Yehuda kang dedalem ana ing Yerusalem, dene ing kutha-kutha ing tanah Yehuda wong Israel padha manggon ing tanah darbeke dhewe-dhewe ana ing kuthane dhewe-dhewe: yaiku wong lumrah, para imam, para wong Lewi, para abdi ing padalemaning Allah lan turune para abdine Prabu Suleman.


Para panggedhening kulawangsane bani Lewi yaiku: Hasabya, Serebya, Yesua bin Kadmiel lan para sadulure kang padha ngadeg ana ing ngarepe, nalika padha ngrepekake pepujian lan panuwun, ngetrepi dhawuhe Sang Prabu Dawud, abdine Gusti Allah, apepanthan jejer-jejer.


Bareng Sanbalat lan Tobia sarta Gesyem, wong Arab, apadene mungsuh kita liyane padha krungu, yen wus rampung anggonku mbangun balowarti lan wus ora ana kang bolong maneh, sanadyan ing wektu semana gapurane durung dietrapi ineb,


Kacarita balowartine wus rampung, yaiku nalika sasi Elul, tanggal ping salawe, dadi ing sajroning seket loro dina.


Kajaba iku wong-wong mau iya padha nyaritakake kabecikane Tobia ana ing ngarepku, sarta kabeh kandhaku dipratelakake marang dheweke. Tobia uga ngirimi layang marang aku kagawe meden-medeni aku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan