2 ing kono Sanbalat lan Gesyem mau banjur kongkonan ngajak marang aku: “Sumangga sami pepanggihan wonten ing kitha Kefirim ing lebak Ono!” Nanging wong-wong iku lugune sumedya gawe cilakaku.
Nalika Senapati Abner bali menyang Hebron, Sang Yoab ngajak mire panjenengane sadhela menyang ing tengahing gapura, api-api ngajak rembugan panjenengane sesidheman, wasana disuduk padharane ana ing kono temah seda, males getihe Asael, rayine.
Aku tumuli kongkonan nggawa wangsulan marang wong-wong mau: “Kula saweg nglampahi padamelan ingkang ageng, kula boten saged dhateng! Punapa prelunipun ngendeli padamelan punika, margi kula tilar manggihi panjenengan?”
Lan aku sumurup, manawa sakehing kangelan lan sakehing kabisan ing bab nindakake pagawean iku yaiku meri marang wong liya. Iku uga bab kang tanpa guna lan ateges mburu angin.
Sang Ismael bin Netanya klawan kancane sepuluh kang padha ndherek mau banjur padha nyedani Sang Gedalya bin ahikam bin Safan kalawan pedhang; kaya mangkono anggone Sang Ismael nyedani panjenengane, sawuse ditetepake dening Sang Nata ing Babil mengku nagara iku.
Wong-wong mau banjur padha marani sira kaya rakyat kang nglumpuk lan padha lungguh ana ing ngarepira, katon kaya umatingSun sarta padha krungu apa kang sira ucapake, nanging padha ora nglakoni mangkono; cangkeme kebak tetembungan kang isi katresnan, nanging atine mburu kauntungan kang nistha.