Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 5:9 - Kitab Sutji

9 Aku nyambungi maneh: “Prakawis ingkang sami panjenengan tindakaken punika boten pantes! Panjenengan rak sami kawajiban tumindak klayan ajrih-asih dhumateng Gusti Allah kita, supados sampun ngantos dados cacadan tumrap bangsa-bangsa sanes, mengsah kita?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 5:9
21 Iomraidhean Croise  

Rama Abraham mangsuli ature: “Panginten kula, ing ngriki babar pisan boten wonten panembah dhateng Gusti Allah, pramila kula mesthi badhe dipun pejahi margi saking semah kula.


Bareng telung dinane Sang Yusuf ngandika marang para sadhereke: “Kowe padha nglakonana mangkene, supaya bisa urip, aku bekti marang Gusti Allah.


Ewasemanten sarehne panjenengan dalem kanthi tumindak makaten punika, sampun damel sanget kuceming asmanipun Pangeran Yehuwah, putra ingkang miyos saking panjenengan dalem punika, mesthi badhe seda.”


Dhuh Allah kawula, mugi miyarsakna kados punapa anggenipun sami ngremehaken kawula. Pamadanipun mugi Paduka tempahaken dhateng sirahipun piyambak saha tiyangipun sami Paduka dadosna jarahan wonten ing tanah pambucalan.


Ugi kula saha para sadherek kula lan andhahan kula sami nyambutaken arta kanthi sareman punapa dene gandum dhateng tiyang-tiyang punika. Sambutanipun punika prayogi kita lilakaken kemawon.


Nanging para bupati sadurunge aku iku padha ngebot-eboti sesanggane rakyat. Para bupati iku padha mundhuti kanggo roti lan anggur sadinane patang puluh sekel salaka; malah para andhahane padha meres rakyat. Nanging aku ora tumindak mangkono, amarga wedi marang Gusti Allah.


Sinten ingkang sumerep karosaning bebendu Paduka, saha ajrih dhateng anggen Paduka duka?


Wong kang ambek siya nasarake pepadhane, lan nuntun marang dalan kang ora bener.


Ndhendha wong bener iku tindak kang luput, lan nggitiki wong luhur iku uga ora patut.


Ora becik ngeloni wong duraka, kalawan nampik wong bener ana ing pangadilan.


Tanpa kawruh kasregepan uga ora maedahi, sarta kang kesusu iku bakal kleru jangkahe.


Ing ngisor iki iya wulang bebasan anggitane para wicaksana, mawang wong ana ing pangadilan iku ora prayoga.


Ana ing ngendi bae ana ing satengahe bangsa-bangsa iku, padha najisake asmaningSun kang suci, marga padha dikandhakake: Jarene padha dadi umate Sang Yehuwah, lah kok padha diwetokake saka ing tanah kagungane!


Aja sira jaluki anakan utawa bebathen, nanging sira wedia marang Allahira, supaya sadulurira iku bisa urip ana ing tengahira.


Anadene ing sawatara wektu pasamuwan ing satanah Yudea, Galilea lan Samaria kabeh kaanane tentrem, padha kabangun sarta padha wedi-asih marang ing Pangeran. Cacahe saya wuwuh akeh marga saka anggone kapitulungan sarta kalipur dening Sang Roh Suci.


Kaya kang katulisan wiraose: “Iya marga saka kowe Asmane Gusti Allah dicecamah ana ing antarane bangsa-bangsa liya.”


Awit saka iku karepku randha-randha kang isih enom iku padha omah-omaha maneh, padha anak-anaka, nuntun brayate sarta aja padha aweh dhadhakaning pangala-ala marang satru, kang katujokake marang kita.


wicaksana, alaku suci, sregep ngatur baleomahe, becik pambekane sarta sumuyud marang kang lanang, supaya Pangandikaning Allah aja nganti dialakake.


Dibecik uripmu ana ing satengahe bangsa-bangsa kang dudu bangsa Yahudi supaya manawa padha mitenah marang kowe, kowe diarani durjana, padha nyumurupi panggawemu kang utama sarta ngluhurake Gusti Allah ing dina rawuhe nuweni wong-wong mau.


Aja mangkono, dhuh anakku angger. Kang dakrungu iku dudu kabar kang becik, yaiku manawa kowe padha njalari umate Sang Yehuwah padha nerak angger-angger.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan