Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 5:8 - Kitab Sutji

8 Pangucapku marang wong-wong mau: “Kula sadaya sasaged-saged tansah mbudidaya nebusi para sadherek kula tiyang Yahudi ingkang sampun sami kasade dhateng tiyang bangsa sanes. Nanging sapunika panjenengan kok malah sami nyade sadherek-sadherek panjenengan, supados sami kula tumbas malih!” Ing kono wong-wong mau padha meneng bae, marga ora bisa mangsuli apa-apa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 5:8
14 Iomraidhean Croise  

Aku nyambungi maneh: “Prakawis ingkang sami panjenengan tindakaken punika boten pantes! Panjenengan rak sami kawajiban tumindak klayan ajrih-asih dhumateng Gusti Allah kita, supados sampun ngantos dados cacadan tumrap bangsa-bangsa sanes, mengsah kita?


sidhem swarane para pangarep, ilate kraket ing cethake.


Wong mau padha legeg-legeg ora bisa aweh wangsulan maneh, ora bisa ngucap satembung-tembunga.


Sing sapa nyulik pepadhane, dadia banjur diedol utawa isih katemu ana panggonane, iku mesthi kaukum pati.


Panjenengane banjur ngandika marang wong mau: He, sadulur, kapriye dene sira lumebu ing kene ora nganggo sandhangan pesta? Wong mau meneng bae.


kang siji diwenehi limang talenta, sijine rong talenta, lan sijine maneh satalenta, undha-usuk kabisane, tumuli mangkat.


Sabab sing sapa duwe, bakal kaparingan, nganti luber. Nanging sing sapa ora duwe, bakal kapundhutan sabarang darbeke kabeh.


Awit yen kowe nglarakake atine sadulurmu marga saka apa kang kokpangan, lakumu wus ora awewaton katresnan maneh. Kowe aja gawe rusake sadulurmu marga saka panganmu, sabab Sang Kristus wus seda kanggo wong iku.


Nanging kita padha sumurup, yen kabeh kang kamot ing kitab Toret iku katujokake marang wong-wong kang kawengku ing angger-anggering Toret, supaya wong kabeh padha kabungkem cangkeme, lan sajagad kabeh iki kena kapatrapan ing paukumane Gusti Allah.


Kalawan patrap mangkono wong kang ringkih, yaiku sadulurmu, dadi nemu tiwas marga saka “kawruhmu”, mangka Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo wong iku.


Awit manawa anggonmu weweh iku kalawan eklas, pawewehmu iku mesthi bakal ditampani, manawa pawewehmu iku awewaton apa kang kokduweni, ora awewaton apa kang ora kokduweni.


Awit saka iku, mumpung kita kober, ayo padha gawe becik marang wong kabeh, luwih-luwih marang sadulur-sadulur kita kang tunggal pracaya.


Manawa ana wong konangan nyulik panunggalane sadulure, yaiku wong Israel, banjur direngkuh kaya batur tukon utawa diedol, wong kang nyulik iku kaukuma pati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan