Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 5:5 - Kitab Sutji

5 Lah, sanadyan kula punika tunggil kulit daging kaliyan para sadherek sabangsa, lan anak-anak kula sami kaliyan anak-anakipun, ewadene kula kapeksa kendel kemawon para anak kula jaler lan estri sami dados abdi, malah anak kula estri wonten sawatawis ingkang kapeksa dados darbekipun tiyang. Kula sami boten saged tumindak punapa-punapa, amargi pasiten saha pakebonan anggur kula sampun dhumawah ing tanganipun tiyang sanes.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 5:5
10 Iomraidhean Croise  

pangucape Pak Laban: “Satemene kowe iku isih kulit dagingku dhewe.” Yakub anggone manggon ing omahe Laban wus ganep sasasi.


Payo padha didol bae marang wong Ismael kae, nanging aja nganti kita kapak-kapakake, marga iku sadulur kita, kulit daging kita.” Sadulure padha manut kabeh.


Ana sawijining wong wadon panunggalane bojone para nabi sesambat marang Nabi Elisa, ature: “Abdi panjenengan, semah kula, sampun tilar donya, mangka panjenengan punika mirsa, bilih abdi panjenengan wau ngabekti dhumateng Pangeran Yehuwah. Nanging sapunika tiyang ingkang nagih sambutan sampun dhateng badhe mendhet anak kula kekalih, badhe kadadosaken rencangipun.”


Wong sugih nguwasani para wong miskin, lan sapa kang utang, dadi bature kang motangake.


Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Endi ta layange pegat ibunira tandhane manawa wus Suntundhung? Utawa panunggalane kang padha ngutangi Ingsun sapa kang wus tau Sunedoli sira? Lah marga saka kasalahanira dhewe sira wus padha kaedol lan marga saka panerakira dhewe ibunira kausir.


manawa sira nyuwil-nyuwil rotinira kanggo wong keluwen sarta ngajak menyang ing omahira wong kang tuna wisma, lan manawa sira sumurup wong kang kawudan, banjur sira wenehi panganggon tuwin ora nyingkiri sadulurira dhewe!


Sarehne wong iku ora bia ngesahi utange, Sang Nata banjur dhawuh, supaya wong iku dalah anak bojone lan sakabehe barang darbeke padha didoli kanggo nglunasi utange.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan