4 Ana uga kang matur: “Kula sampun sami nyambut arta kangge mbayar paos ingkang dipun tetepaken dening Sang Nata tumrap pasiten saha pakebonan anggur kula.
yaiku wong-wong kang isih padha manggon ing nagara kono turune bangsa-bangsa mau lan kang ora bisa ditumpes dening Israel, iya wong-wong iku kang padha diklempakake dening Sang Prabu Suleman kadadekake abdi nyangga karya, mangkono iku nganti saprene.
Ingkang punika mugi kauningana ing Sang Prabu, bilih, manawi kitha punika sampun kabangun malih sarta balowartinipun sampun rampung, tiyangipun boten badhe asok paos saha bulubekti utawi beya malih, temah damel kapitunanipun para ratu.
Karodene ing Yerusalem kono dhek biyen tau ana ratu-ratune kang kwasa, kang padha ngereh satlatah sabrange bengawan Efrat, sarta panjenengane iku kang padha disaosi pajeg, bulubekti lan beya.
Karo maneh sira padha Sunparingi sumurup, ora samesthine yen sakehing para imam lan wong Lewi, para pasindhen, para jagagapura lan para abdi ing padalemaning Allah, padha kudu asok pajeg, bulubekti utawa beya.
Lan ana maneh kang matur: “Kula sami kapeksa nggantosaken pasiten saha pakebonan anggur sarta griya kula, supados sageda sami angsal gandum ing mangsa paceklik punika.”
Tanah punika kathah pamedalipun tumrap ratu-ratu ingkang Paduka kuwaosaken ngereh kawula, margi saking dosa kawula. Para ratu punika sami ngereh kawula saha raja-kaya kawula kanthi sawenang-wenang, temahan kawula sami nandhang karibedan ageng.”
Nanging bani Efraim padha ora nundhungi wong Kanaan kang manggon ana ing Gezer, dadine wong Kanaan iku padha isih manggon ana ing satengahe suku Efraim nganti saprene, mung bae padha dadi kuli njangga karya.