NEHEMYA 5:2 - Kitab Sutji2 Ana kang matur kalawan swara sora: “Anak kula jaler lan estri kathah, kula sami betah gandum, supados kula sami saged nedha lan gesang.” Faic an caibideil |
Punapa kawula sami kedah pejah wonten ngarsanipun gusti kawula, inggih kawula dalah pasiten kawula? Panjenengan dalem mugi karsaa mundhut badan saha pasiten kawula kalintonana tedha, dene kawula dalah pasiten kawula badhe lumados dhateng Sang Prabu Pringon. Sarta malih panjenengan dalem mugi karsaa maringi winih, supados kawula sami gesang, sampun ngantos pejah, saha bumi ing ngriki sampun ngantos dados cengkar.”
Ana sawijining wong wadon panunggalane bojone para nabi sesambat marang Nabi Elisa, ature: “Abdi panjenengan, semah kula, sampun tilar donya, mangka panjenengan punika mirsa, bilih abdi panjenengan wau ngabekti dhumateng Pangeran Yehuwah. Nanging sapunika tiyang ingkang nagih sambutan sampun dhateng badhe mendhet anak kula kekalih, badhe kadadosaken rencangipun.”
Manawa sira padha ora ngrungokake, lan ora nengenake ing bab ngluhurake marang asmaningSun, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – Ingsun bakal ndhawahake wewelak ana ing tengahira, sarta berkahira padha Sundadekake laknat, malah wus Sundadekake laknat, awitdene sira padha ora nggatekake.