Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 4:9 - Kitab Sutji

9 Nanging aku banjur padha ndedonga marang Gusti Allah, rina wengi padha mapanake pejagan, kanggo nanggulangi wong-wong iku, marga saka tangkepe kang mangkono iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 4:9
15 Iomraidhean Croise  

Priya iku ngandika maneh: “Jenengira sabanjure wus aja kasebut Yakub maneh, nanging Israel, mulane mangkono awit sira wus gelut nglawan Allah lan manungsa, mangka sira menang.”


Pangucape wong Yahudi: “Kakuwatane para wong kang mikul wis meh entek, lan jugrugane isih akeh banget. Aku padha ora keconggah mbacutake anggonku padha mbangun balowarti iki.”


Nanging para mungsuhku padha mikir: “Kana ora bakal padha sumurup lan ora bakal padha weruh apa-apa, nganti aku padha teka ana ing tengahe lan padha mateni wong-wong iku, sarta nglereni pagaweane.”


Rancangane wong culika kagagalake, satemah pambudidayane tangane ora oleh gawe.


Sang Yehuwah nggagalake rancangane para bangsa; murungake rancangane para suku bangsa;


Ing dina karubedan sira padha nyebuta marang Ingsun, nuli Ingsun bakal mitulungi sira lan sira bakal ngluhurake Ingsun.” (Selah)


Tingale Sang Yehuwah ngreksa marang kawruh, nanging ujare wong cidra diwurungake.


Padha meleka lan ndedongaa, supaya kowe aja tumiba ing panggodha. Roh iku pancen cumandhang, nanging daging iku ringkih.”


Padha tansah jumagaa lan ndedongaa, supaya kowe diparingana kakuwatan kang njalari kowe padha ora bakal katempuh dening apa kang bakal kalakon iku lan supaya kowe padha bisa tahan anggonmu ana ing ngarsane Putraning Manungsa.”


Padha diwaras ing budi sarta diprayitna, jalaran mungsuhmu Iblis iku klinteran kaya singa nggero-nggero ngupaya manungsa kang kena dimangsa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan