NEHEMYA 4:7 - Kitab Sutji7 Bareng Sanbalat lan Tobia sarta wong Arab, wong Amon lan wong ing Asdod padha oleh pawarta yen pembanguning balowartining Yerusalem iku tumindak rancag lan kang bedhah wiwit rapet, temah padha muntab nepsune. Faic an caibideil |
Pangeran Yehuwah tumuli ndhatengake grombolan-grombolan saka ing tanah Kasdim, saka ing Aram, saka ing Moab lan grombolan-grombolan bani Amon, kang padha nglawan Sang Prabu Yoyakim. Pangeran Yehuwah kang ngutus iku kabeh supaya nglawan lan nyirnakake Yehuda, ngetrepi pangandikaning Sang Yehuwah kang wus kalairake lumantar para abdine, yaiku para nabi.
Mugi kauningana ing Sang Prabu, bilih kawula sampun sami dhateng ing tanah Yehuda, dhateng ing padalemanipun Allah Ingkang Mahaagung. Padaleman punika saweg kabangun mawi sela ingkang ageng-ageng sarta tembokipun karangkepan gebyog lan anggenipun nindakaken padamelan punika klayan saestu, sarta panggarapipun tumindak rancag.
Sang Ismael banjur nawan kabeh kekarening rakyat kang ana ing Mizpa: para putrine Sang Prabu lan sakehing wong kang isih kari ana ing Mizpa kang didadekake reh-rehane Sang Gedalya bin Ahikam dening Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal; Sang Ismael bin Netanya nawan para wong iku lan banjur sumedya sumingkir menyang ing tlatahe bani Amon.