Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 4:6 - Kitab Sutji

6 Nanging aku padha mbanjurake anggonku padha mbangun balowartine kaadegake nganti kemput, dhuwure wus oleh separo, amarga wong akeh padha mempeng banget anggone nyambutgawe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 4:6
13 Iomraidhean Croise  

Amargi sinten ta kawula punika saha punapa ta bangsa kawula punika, dene kawula sami saged ngunjukaken pisungsung manasuka kadosdene sapunika punika? Awit saking Paduka pinangkanipun samukawis sadaya saha inggih saking asta Paduka piyambak pinangkanipun pisungsung ingkang sami kawula unjukaken dhumateng Paduka punika.


Sarta maneh marga saka tresnaningsun marang padalemaning Allahingsun, minangka wuwuhe sakehe barang kang wus suncawisake kanggo dalem pasucen, iki ingsun iya nyaosake marang padalemaning Allahingsun emas lan salaka kagunganingsun piyambak


Sang Prabu Hizkia lan rakyat kabeh padha asuka-rena marga saka apa kang wus katetepake dening Gusti Allah kanggo bangsa iku, awit bab iku kalakone ora kanyana-nyana.


Kalepatanipun mugi sampun Paduka tutupi, saha durakanipun mugi sampun ngantos Paduka lebur wonten ing ngarsa Paduka, amargi sami damel gerahing panggalih Paduka, sarana tindak-tandukipun tumrap para tiyang ingkang sami mbangun.


Bareng Sanbalat lan Tobia sarta wong Arab, wong Amon lan wong ing Asdod padha oleh pawarta yen pembanguning balowartining Yerusalem iku tumindak rancag lan kang bedhah wiwit rapet, temah padha muntab nepsune.


Kacarita balowartine wus rampung, yaiku nalika sasi Elul, tanggal ping salawe, dadi ing sajroning seket loro dina.


Ing dinten nglempaking wadya-bala Paduka umat kagungan Paduka kaliyan legawa badhe majeng kanthi rinengga ing kasucen; saking guwa-garbaning bangbang wetan kaaneman Paduka medal kados ebun.


He Yerusalem, kang wus kaadegake dadi kutha sesanggitan rapet,


Karodene Pangeran Yehuwah nggigah semangate Sang Zerubabel bin Sealtiel, bupati ing Yehuda, lan Imam Agung Yusak bin Yozadak, sarta semangate sakekarene umat, tumuli kabeh padha teka lan tumandhang ing gawe kanggo padalemane Sang Yehuwah, Gustine sarwa dumadi, Gusti Allahe,


awit iya Gusti Allah kang manut sakeparenge, nuwuhake iya kekarepan, iya panggawe ana ing kowe.


muga-muga mirantenana kowe kalawan samubarang kabeh kang becik kanggo nindakake karsane, sarta nindakake ana ing antara kita apa sakeparenge, dening Gusti Yesus Kristus. Panjenengane iku kang sayogya kamulyakake nganti salawas-lawase! Amin.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan