Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 4:5 - Kitab Sutji

5 Kalepatanipun mugi sampun Paduka tutupi, saha durakanipun mugi sampun ngantos Paduka lebur wonten ing ngarsa Paduka, amargi sami damel gerahing panggalih Paduka, sarana tindak-tandukipun tumrap para tiyang ingkang sami mbangun.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 4:5
14 Iomraidhean Croise  

Kawula badhe nempuh panjenenganipun mumpung sayah saha kendho semangatipun lajeng kawula damel kaget; sadaya ingkang ndherek Sang Prabu badhe sami keplajeng, saha kawula badhe saged nyedani panjenenganipun piyambak.


Nanging aku padha mbanjurake anggonku padha mbangun balowartine kaadegake nganti kemput, dhuwure wus oleh separo, amarga wong akeh padha mempeng banget anggone nyambutgawe.


piawoning para leluhuripun kaengetana wonten ing ngarsaning Yehuwah, sarta dosaning biyungipun sampun ngantos kalebur,


Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud,


Dosa kawula mugi Paduka icali kalayan hisop, temah dados resik, kawula Paduka edusi temah dados pethak, nglangkungi salju!


Kados makaten anggenipun manungsa dipun telukaken saha anggenipun tiyang kaesoraken – tiyang-tiyang wau mugi sampun kaapunten!


Ingsun, iya Ingsun iku Panjenengane kang ngicali dosaning pambalelanira marga saka Ingsun piyambak, lan Ingsun ora ngenget-enget marang dosanira.


Ingsun wus ngicali sakehe dosaning pambalelanira kayadene pedhut kang kabur ing angin, lan sakehe dosanira kaya mendhung kang kanginan. Sira balia marang Ingsun, amarga sira wus Suntebus!


Wondene Paduka, dhuh Sang Yehuwah, Paduka nguningani, sadaya rancanganipun anggenipun badhe mejahi kawula. Sampun Paduka apunten kalepatanipun, lan sampun Paduka ruwat dosanipun saking ngarsa Paduka: Nanging mugi sami kesandhunga wonten ing ngarsa Paduka. Mugi karsaa tumindak ing dinten bebendu Paduka!


Piawonipun sadaya mugi sumengkaa dhateng ing ngarsa Paduka, saha tiyang-tiyang wau lajeng mugi sami Paduka etrapi punapa ingkang sampun Paduka tandukaken dhateng kawula, margi saking kathahipun duraka kawula; awit kathah panggresah kawula, sarta manah kawula nandhang sakit.”


Aleksander tukang tembaga kae wis nindakake piala akeh marang aku. Iku bakal diwales dening Gusti manut panggawene.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan