Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 4:3 - Kitab Sutji

3 Tobia, wong Amon kang ana ing sandhinge banjur ngucap: “Sanadyan wus dibangun maneh, saupama ana asu alasan mlumpat lan nyenggol, mesthi njugrugake tembok watu iku.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 4:3
8 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu Benhadad banjur utusan wong sowan ing ngarsane Sang Prabu Akhab, kadhawuhan matur: “Kula mugi dipun paringana paukuman makaten dening para allah, malah nglangkungana saking punika, manawi rakyat ingkang ndherekaken kula taksih sami saged nggegem bleduging gempuranipun Samaria.”


Sang Prabu tumuli ngandika: “Wong-wong iku, tekane apa kepengin bedhami apa arep perang, kabeh padha cekelen urip-uripan!”


Milanipun sapunika sumangga sampeyan totohan kaliyan gusti kula, Sang Nata ing Asyur: Kula badhe nyukani kapal kalih ewu, manawi sampeyan sagah nyawisi tiyang-tiyangipun ingkang badhe numpaki.


Bareng Sanbalat, wong ing Horon lan Tobia, wong Amon, kang dadi abdi, padha krungu bab iku, temah banget anyele atine, amarga ana wong teka kang arep gawe raharjane wong Israel.


Nanging bareng Sanbalat wong ing Horon lan Tobia, wong Amon, kang dadi abdi sarta Gesyem, wong Arab, padha krungu wartane iku, nuli padha moyoki lan ngremehake, pangucape: “Punapa ta kang sami panjenengan tandangi punika? Punapa panjenengan sami sumedya mbalela dhateng Sang Prabu?”


Bareng Sanbalat lan Tobia sarta Gesyem, wong Arab, apadene mungsuh kita liyane padha krungu, yen wus rampung anggonku mbangun balowarti lan wus ora ana kang bolong maneh, sanadyan ing wektu semana gapurane durung dietrapi ineb,


Awit saking redi Sion ingkang sampun ludhes, segawon-segawon wana sami pating kluyur wonten ngriku.


Wong Amon lan Moab ora kena lumebu ing pasamuwane Sang Yehuwah, malah turune kang kaping sapuluh iya ora kena lumebu ing pasamuwane Sang Yehuwah salawas-lawase;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan