NEHEMYA 4:2 - Kitab Sutji2 lan celathu ana ing ngarepe para sadulure lan bala ing Samaria: “Wong Yahudi kang apes iku padha nggarap apa ta? Apa padha nyantosakake apa ta apa? Apa padha arep ngaturake pisungsung? Apa sadina bakal bisa rampung? Apa watune bakal padha kena diuripake maneh saka ing tumpukan jugrugan, kang wis padha entek kobong iku?” Faic an caibideil |
“Nalika jamanipun Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda wonten tiyang, namanipun Mikha, tiyang Moresyet, ingkang sampun meca saha cariyos dhateng bangsa Yehuda sadaya, tembungipun: Pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados makaten: Sion bakal diwluku kaya pategalan, lan Yerusalem bakal dadi jugrugan, sarta gununging Padaleman Suci bakal dadi gunung kang ana alase.
Sumurupa lan mangretia: wiwit kawiyose pangandika mau, yaiku manawa Yerusalem bakal kapulihake lan kabangun maneh, nganti rawuhe kang dijebadi, yaiku sawijining ratu, iku ana pitu kaping pitung mangsa; lan sawidak loro kaping pitung mangsa lawase anggone kutha iku bakal kabangun maneh, mawa alun-alun lan kalen, nanging ana ing sajroning karubedan.
Dhuh Yehuwah, pawartos bab Paduka sampun kawula pireng, saha kawula ajrih dhateng pakaryan Paduka, dhuh Yehuwah! Pakaryan Paduka mugi Paduka lestantunaken ing salebeting lumampahipun taun, inggih ing salebeting lumampahipun taun mugi Paduka wedharaken, ing salebeting bendu mugi karsaa enget ing sih-palimirma!