Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 4:16 - Kitab Sutji

16 Wiwit ing dina iku sabanjure balaku saperangan padha nglakoni pagawean, lan saperangan padha sikep tumbak, tameng tuwin panah, sarta nganggo klambi kere, dene para panggedhe ana ing samburining golongane wong Yehuda,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 4:16
8 Iomraidhean Croise  

Bareng mungsuhku padha krungu, yen rancangane iku wus daksumurupi, lan wus diwurungake dening Gusti Allah aku banjur padha mbaleni balowarti maneh, siji-sijine menyang panggonane dhewe-dhewe.


kang padha nggarap balowarti. Wong kang memikul lan usung-usung anggone padha tumindak ing gawe, tangane kang siji nyambutgawe, dene sijine nyekel gegaman.


Mangkono kaananku dhewe, sadulur-sadulurku, dalah balaku lan wong jaga kang padha melu aku, aku kabeh ora kober salin sandhangan. Siji-sijine nyekel gegaman ing tangane tengen.


Mripat kawula mandeng dhateng tiyang ingkang sami tuhu-setya wonten ing nagari, supados sami manggen nunggil kaliyan kawula. Tiyang ingkang tanpa cacad lampahipun, punika badhe ngladosi kawula.


Gulone anaa ing tengahe; sarta nganggo pinggiran mubeng rupa tenunan, kaya klambi kere, supaya aja nganti suwek.


Kabeh padha asikep pedhang, lanteh ing perang, kabeh padha nyengkelit pedhang, marga saka pagirising wayah bengi.


He para bala jaranan, jaranira abah-abahana lan tunggangana! Nataa gelarira kalawan nganggo topong, asahana tumbakira, ngrasuka kerenira!


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan