Bareng Sanbalat, wong ing Horon lan Tobia, wong Amon, kang dadi abdi, padha krungu bab iku, temah banget anyele atine, amarga ana wong teka kang arep gawe raharjane wong Israel.
Nanging bareng Sanbalat wong ing Horon lan Tobia, wong Amon, kang dadi abdi sarta Gesyem, wong Arab, padha krungu wartane iku, nuli padha moyoki lan ngremehake, pangucape: “Punapa ta kang sami panjenengan tandangi punika? Punapa panjenengan sami sumedya mbalela dhateng Sang Prabu?”
Bareng sakehing mungsuhku padha krungu wartane, sakehing bangsa ing sakubengku padha wedi, amarga padha kaweleh lan ngreti, yen pagawean iku katindakake kalawan pitulungane Gusti Allah.
Sang Prabu Zedhekia nuli ngandika marang Nabi Yeremia: “Kula ajrih dhateng para tiyang Yehuda ingkang sampun sami mbalik tumut tiyang Kasdim punika, temah kula badhe dipun angge gegujengan.”
Bareng Sang Prabu Herodhes ngertos yen Panjenengane dicidrani dening para pandhita, banget dukane, banjur dhawuh mateni sakehe bocah lanang ing kutha Betlehem salaladane, kang umur rong taun sapangisor, manut wektu anggone angsal katrangan saka para pandhita.
sarta wong-wong banjur gawe rerekan makutha eri, nuli ditrapake ing mustakane, astane tengen dicaosi lantaran glagah. Sawise mangkono wong-wong padha jengkeng ana ing ngarsane lan kanthi ngece pangucape: “Ngaturaken sugeng, dhuh Ratunipun tiyang Yahudi!”