Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 3:7 - Kitab Sutji

7 Ing sandhinge iku kang padha mbangun Melaca wong ing Gibeon lan Yadon wong ing Meronot, karo wong ing Gibeon lan ing Mizpa, kang ana ing wilayahe bupati ing sabrange bengawan Efrat.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 3:7
7 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu banjur nimbali wong-wong Gibeon sarta dipangandikani: – wong Gibeon iku ora padha kagolong bangsa Israel, nanging klebu kekarene bangsa Amori, mangka wong Israel wus padha prajanji klawan supata, ewadene Sang Prabu Saul marga saka mempenge anggone tumindak kanggo wong Israel lan wong Yehuda banjur ngudi sirnane wong-wong mau. –


Kang dadi lelurahing unta yaiku Sang Obil, wong Ismael; kang nglurahi kuldi wadon yaiku Sang Yekhdeya, wong ing Meronot.


Sang Prabu Asa nuli ngerigake wong Yehuda kabeh kadhawuhan ngangkati watu lan kayu kang diagem Sang Prabu Baesa kanggo nyantosani kutha Rama. Iku padha diagem Sang Prabu Asa kanggo nyantosani Geba lan Mizpa.


Iki turunane layang kang diunjukake marang panjenengane: “Konjuk ing ngarsa dalem Sang Prabu Artahsasta, saking kawula para abdi dalem, para tiyang ingkang wonten ing wewengkon sakilening benawi Efrat.


Ing sandhinge iku kang mbangun saduman maneh Sang Ezer, bin Yesua, kang ngasta pangwaos ing Mizpa, ana ing ngarepe unggah-unggahan menyang ing gedhong praboting perang, ing sacedhake Pojok.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan