Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 3:5 - Kitab Sutji

5 lan ing sandhinge maneh kang mbangun wong-wong ing Tekoa. Naning para pangarepe padha ora gelem nyangkul pagaweane bendarane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 3:5
17 Iomraidhean Croise  

banjur utusan abdi menyang Tekoa marani wong wadon kang limpad ing budi, nuli ngandika marang wong wadon iku: “Bok kowe api-api kaya wong nandhang prihatin lan manganggoa sandhangan wong kepaten, aja jebadan lan polatanmu membaa wong wadon kang wis pirang-pirang dina nangisi wong mati.


Kang disantosani Betlehem, Etam, Tekoa,


Kajaba Pedaya kang padha mbangun saduman maneh wong ing Tekoa, wiwit ing ngarepe menara gedhe kang munggul mau nganti tutug ing balowartine Ofel.


Ing sandhinge iku kang mbangun Meremot bin Uria bin Hakos, lan ing sandhinge iku kang mbangun Mesulam, bin Berekhya bin Mesezabeel, dene ing sandhinge iku kang mbangun Zadhok, bin Baana,


Gapura Lawas iku kabangun dening Yoyadha bin Paseah lan Mesulam bin Besoja, dietrapi dlurung-dlurung, ineb, kancingan tuwin slarak.


Aku wus matur marang Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, uga kaya mangkono, aturku: “Panjenengan dalem mugi karsaa ngrembat pasanganipun Sang Prabu ing Babil, panjenengan dalem karsaa teluk dhateng panjenenganipun lan rakyatipun, temah panjenengan dalem temtu lestantun sugeng.


Pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: “Sira gawea kendharat lan pasangan, padha etrapna ing gulunira.


Nanging bangsa lan karajan kang ora gelem teluk marang Nebukadnezar, ratu ing Babil lan lumuh mikul pasangane ana ing gulune, iku bakal Sunukum kalawan pedhang, pailan lan pageblug, – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah – temah padha Sunulungake babar pisan ing tangane.


He para wong Benyamin padha lumayua ngungsi, saka ing satengahe kutha Yerusalem! Ngunekna kalasangka ana ing Tekoa, ngumbulna kebul kanggo pratandha ana ing Bet-Kerem! Amarga bilai wus ngincer saka ing lor, yaiku karusakan gedhe.


Iki pangandika kang kawedharake marang Nabi Amos, panunggalane wong kang ngingu wedhus saka ing Tekoa, bab Israel, nalika jamane Sang Prabu Uzia ratu ing Yehuda, lan ing jamane Sang Prabu Yerobeam putrane Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel, rong taun sadurunge lindhu.


PasanganKu padha tampanana ing pundhakmu lan padha nggegurua marang Aku, awit Aku iki alus lembah ing budi, temahan kowe bakal padha oleh ayeming nyawamu.


Milanipun kadospundi dene panjenengan sadaya sami nyobi dhateng Gusti Allah kanthi patrap ngetrapaken rembatan ing pundhakipun para siswa, ingkang leluhur kita utawi kita piyambak boten kiyat ngrembat.


Padha ngelingana bae para sadulur, kapriye kaananmu nalikane kowe padha katimbalan, miturut ukuraning manungsa ora akeh kang kalebu wong wasis, ora akeh wong kang kalebu gedhe wibawane, ora akeh wong kang kalebu bangsa luhur.


“Kutha Meros kaipat-ipatana!”, mangkono pangandikane Sang Malaekate Yehuwah, “para wong kang manggon ing kono kenaa ing laknat saenteke, amarga padha ora teka mbiyantu Pangeran Yehuwah, mbiyantu Pangeran Yehuwah pindha prawira.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan