Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 3:3 - Kitab Sutji

3 Gapura Iwak kabangun dening bani Senaa, dietrapi dlurung-dlurung, ineb, kancingan lan slarak.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 3:3
11 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu banjur ngedegake tembok njaba ana ing kuthane Sang Prabu Dawud, ana ing sakulone Gihon, ana ing lebak, nganti tekan ing sacedhake Gapura Iwak, ngubengi ing Ofel. Tembok iku kagawe dhuwur banget. Sang Nata uga mapanake panggedhe-panggedhening perang ana ing saben kutha-beteng ing tanah Yehuda.


bani Senaa: telung ewu nem atus telung puluh.


Aku tumuli padha ngliwati gapura Efraim, gapura Lawas, gapura Iwak, menara Hananeel lan menara Mea nganti tekan ing gapura Wedhus Gembel. Tumuli padha mandheg ana ing gapura Pajagan.


Punapa dene serat dhateng Asaf, ingkang rumeksa kagungan dalem wana, supados nyukani kajeng dhateng kawula kangge dlurunging gapura-gapuraning betengipun Padaleman Suci, kangge balowartinipun kitha tuwin kangge griya ingkang badhe kawula enggeni.” Sang Prabu nuli iya njurungi panyuwunku, amarga astane Allahku kang mahamirah ngayomi aku.


Ing sandhinge iku kang mbangun Meremot bin Uria bin Hakos, lan ing sandhinge iku kang mbangun Mesulam, bin Berekhya bin Mesezabeel, dene ing sandhinge iku kang mbangun Zadhok, bin Baana,


Gapura Lawas iku kabangun dening Yoyadha bin Paseah lan Mesulam bin Besoja, dietrapi dlurung-dlurung, ineb, kancingan tuwin slarak.


Bareng Sanbalat lan Tobia sarta Gesyem, wong Arab, apadene mungsuh kita liyane padha krungu, yen wus rampung anggonku mbangun balowarti lan wus ora ana kang bolong maneh, sanadyan ing wektu semana gapurane durung dietrapi ineb,


Bareng balowartine wus rampung, aku banjur masang lawang-lawange. Sawuse iku banjur ngangkat jaga-gapura, pasindhen lan para wong Lewi.


bani Senaa: telung ewu sangang atus telung puluh.


awit Pangeran nyantosani slaraking gapuramu, sarta mberkahi anak-anakmu ana ing wewengkonmu.


Ing dina iku – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, bakal keprungu gumedering pasambat wiwit saka gapura Iwak lan pangadhuh wiwit ing pakampungan anyar, apadene jugruging tengger-tengger kang nggegirisi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan