Karodene sakehe wong wadon kang ahli, padha ngantih dhewe banjur nggawa kang wus diantih mau, yaiku bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga lan lena alus.
Lan aku uga duwe panjaluk marang kowe, Sunsugos, kancaku kang tumemen: iku padha tulungana. Awit wong iku wus padha tarung bebarengan karo aku ana ing pakabaran Injil, sarta bebarengan karo Klemens lan kanca-kancaku nyambutgawe liyane, kang jenenge padha kapacak ana ing buku kauripan.