Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 3:1 - Kitab Sutji

1 Imam Agung Elyasib nuli tumandang ing gawe kanthi sadherek-sadhereke para imam, padha mbangun gapura Wedhus Gembel, disucekake sarta ditrapi inebe; anggone nucekake nganti tutug ing menara Mea lan menara Hananeel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 3:1
19 Iomraidhean Croise  

Yesua nurunake Yoyakim, Yoyakim nurunake Elyasib, Elyasib nurunake Yoyadha,


Para imam tuwin para wong Lewi sawuse nucekake badan, tumuli uga nucekake wong saumat kabeh lan uga gapurane tuwin balowartine.


Aku tumuli padha ngliwati gapura Efraim, gapura Lawas, gapura Iwak, menara Hananeel lan menara Mea nganti tekan ing gapura Wedhus Gembel. Tumuli padha mandheg ana ing gapura Pajagan.


Putrane Imam Agung Yoyadha bin Elyasib ana siji kang wus dadi mantune Sanbalat, wong Horoni, mulane daktundhung saka ing ngarepku.


Nanging sadurunge iku Imam Elyasib kang dipatah nglurahi kamar-kamar padalemaning Allahku, lan kang pasrawungane raket karo Tobia,


Kajaba iku kang mbangun saduman maneh Barukh, bin Zabai, wiwit ing Pojok tutug ing kori daleme Imam Agung Elyasib.


Kajaba iku kang mbangun saduman maneh Meremot, bin Uria bin Hakos, wiwit ing kori daleme Imam Agung Elyasib tutug ing poncoting daleme.


Tumuli ing antarane gedhong panggungan ing pojok mau lan gapura Wedhus Gembel iku kang mbangun para kemasan lan para sudagar.


Bareng Sanbalat lan Tobia sarta Gesyem, wong Arab, apadene mungsuh kita liyane padha krungu, yen wus rampung anggonku mbangun balowarti lan wus ora ana kang bolong maneh, sanadyan ing wektu semana gapurane durung dietrapi ineb,


Bareng balowartine wus rampung, aku banjur masang lawang-lawange. Sawuse iku banjur ngangkat jaga-gapura, pasindhen lan para wong Lewi.


Masmur. Kidung kanggo nucekake Padaleman Suci. Anggitane Prabu Dawud.


Redi Sion kajengipun abingah-bingah; para putrinipun Yehuda kajengipun asurak-surak margi saking paukuman Paduka!


Ing salaku-lakumu ngakonana Panjenengane, temah Panjenengane bakal nglencengake dalanmu.


Pangeran Yehuwah luhurna kalawan bandhamu lan srana kawitaning sakehe pametumu;


Lah bakal tumeka ing titi-mangsane, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – kutha iku bakal kabangun maneh konjuk marang Sang Yehuwah, wiwit saka ing menara Hananeel tutug ing Gapura Pojok,


Sumurupa lan mangretia: wiwit kawiyose pangandika mau, yaiku manawa Yerusalem bakal kapulihake lan kabangun maneh, nganti rawuhe kang dijebadi, yaiku sawijining ratu, iku ana pitu kaping pitung mangsa; lan sawidak loro kaping pitung mangsa lawase anggone kutha iku bakal kabangun maneh, mawa alun-alun lan kalen, nanging ana ing sajroning karubedan.


Tlatahe tanah kono kabeh bakal malih dadi Araba-Yordan, saka ing Geba tekan ing Rimon ing sakidule Yerusalem. Nanging kutha iku bakal munggul dhuwur lan tetep dumunung ana ing panggonane, wiwit saka ing gapura Benyamin nganti tekan ing gapura kang lawas, yaiku gapura Pojok, lan saka menara Hananeel tekan ing pamipitaning anggur kraton.


Ing Yerusalem, ing sacedhake Seketheng Wedhus, ana blumbang kang ing tembung Ibrani diarani: Betesdha, kang ana bangsale lima.


Para panggedhe tumuli mituturana marang wadya-balane mangkene: supaya panunggalanmu kang mentas ngadegake omah anyar, nanging durung nganti ngenggoni, iku mundura, muliha menyang ing omahe, supaya manawa mati ana ing paprangan, aja nganti omahe mau dienggoni wong liya.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan