Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 2:9 - Kitab Sutji

9 Mangkono aku dadine nemoni para bupati ing sabranging bengawan Efrat sarta serate Sang Prabu daktampakake. Anadene mangkatku iku, awit saka dhawuhe Sang Nata, nganggo diiringake dening para panggedhening perang, kanthi bala jaranan sawatara.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 2:9
2 Iomraidhean Croise  

Amarga aku isin saupama nyuwuna wadya-bala lan wadya-bala jaranan marang Sang Prabu kang rumeksa marang aku kabeh lan kang nanggulangi mungsuh ana ing dalan, mulane mangkono amarga aku wus padha matur marang Sang Prabu: “Astanipun Gusti Allah kawula punika ngayomi dhateng sakathahipun tiyang ingkang ngupadosi ing Panjenenganipun, murih wilujeng, nanging sakathahipun tiyang ingkang nyingkur Panjenenganipun punika sami dipun dhawahi ing pangwaos saha bebendunipun.”


Aku nuli munjuk maneh marang Sang Prabu: “Manawi Sang Prabu manggalih prayogi, kawula mugi panjenengan dalem paringi serat-serat dhumateng para bupati ing sabranging benawi Efrat, supados sami nglilani lampahipun dalem ngantos dumugi ing tanah Yehuda.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan