Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 2:8 - Kitab Sutji

8 Punapa dene serat dhateng Asaf, ingkang rumeksa kagungan dalem wana, supados nyukani kajeng dhateng kawula kangge dlurunging gapura-gapuraning betengipun Padaleman Suci, kangge balowartinipun kitha tuwin kangge griya ingkang badhe kawula enggeni.” Sang Prabu nuli iya njurungi panyuwunku, amarga astane Allahku kang mahamirah ngayomi aku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 2:8
18 Iomraidhean Croise  

Priya iku ngandika maneh: “Jenengira sabanjure wus aja kasebut Yakub maneh, nanging Israel, mulane mangkono awit sira wus gelut nglawan Allah lan manungsa, mangka sira menang.”


Nanging paningale Gusti Allah tansah mirsani para tetuwane wong Yahudi, satemah ora dipeksa leren dening wong-wong iku, nganti prakara iki katur marang Sang Prabu Dharius, lan wus ana wangsulan tumrap prakara iki.


Wong mau uga padha mahargya riyaya roti tanpa ragi, suwene pitung dina karo bungah-bungah, amarga Pangeran Yehuwah wus damel bungahe; Panjenengane wus ngengakake panggalihe ratu ing nagara Asyur marang wong-wong mau, temah Sang Prabu banjur paring pambiyantu ing bab anggone nggarap padalemaning Allah, iya iku Gusti Allahe Israel.


Apamaneh prentahingsun mungguh kang perlu sira tandukake marang tetuwane wong Yahudi tumrap pembanguning padalemane Allah iku mangkene: Saka pametune karajan, saka bulubekti ing dhaerah sabrange bengawan Efrat iku kaurusa kanthi tliti lan aja diendhe-endhe kawenehna marang wong-wong iku.


Imam Ezra iku budhal saka ing Babil. Panjenengane iku ahli Kitab, putus ing Torete Nabi Musa, peparinge Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel. Lan Sang Prabu maringi apa kang disuwun, amarga astane Pangeran Yehuwah ngayomi panjenengane.


Kabener ing sasi kapisan tanggal sapisan anggone budhal saka ing Babil, dene rawuhe ing Yerusalem ing sasi kalima tanggal sapisan, amarga ingayoman dening astane Gusti Allah kang asipat mirah.


Kawajiban ngawat-awati Yerusalem dakpasrahake marang sadulurku Hanani lan Hananya, panggedhening beteng, amarga Hananya iku wong kang kena dipracaya lan wedi marang Gusti Allah ngungkuli wong-wong liyane.


Panggalihe ratu iku kaya ilen-ilen banyu ing astane Pangeran Yehuwah, diilekake manut ing sakarsane piyambak.


aku nganakake pakebonan lan patamanan akeh, banjur daktanduri wit-witan warna-warna,


aku gawe blumbang pirang-pirang kanggo mbanyoni wit-witan kang isih enom saka ing kono.


Manawa sira padha nyumurupi kang mangkono iku, atinira bakal bungah, sarta sira bakal padha kaya suket enom kang seger thukule; astaning Yehuwah banjur bakal kelair marang para abdine, sarta bebendune marang para satrune.


Gusti Allah tumuli ngolehake sih-piwelas ana ing ngarepe kepala punggawa kraton iku;


Nanging margi saking pitulunganipun Gusti Allah, kawula saged gesang ngantos dumugi sapunika sarta saged nglairaken paseksen dhateng tiyang-tiyang alit saha dhateng para pangageng. Wondene ingkang kawula wartosaken punika boten sanes kajawi ingkang saderengipun sampun kawartosaken dening para nabi lan ugi dening Nabi Musa,


sarta dipun luwari saking sakathahing sangsaranipun saha kaparingan sih-rahmat tuwin kawicaksanan, nalika wonten ing ngarsanipun Sang Prabu Pringon, nata ing Mesir, lajeng kawisudha dening Sang Prabu Pringon dados ingkang ngasta panguwaos tumrap ing tanah Mesir tuwin tumrap kratonipun sadaya.


Nanging puji sokur konjuk marang Gusti Allah, kang maringi katemenan kang kaya mangkono uga ana ing atine Titus ing bab anggone mbiyantu kowe,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan