Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 2:7 - Kitab Sutji

7 Aku nuli munjuk maneh marang Sang Prabu: “Manawi Sang Prabu manggalih prayogi, kawula mugi panjenengan dalem paringi serat-serat dhumateng para bupati ing sabranging benawi Efrat, supados sami nglilani lampahipun dalem ngantos dumugi ing tanah Yehuda.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 2:7
6 Iomraidhean Croise  

“Kang iku sira Tatnai, bupati ing dhaerah sabrange bengawan Efrat, lan Syetar-Boznai, dalah kanca-kancanira, para punggawa dhaerah sabrange bengawan Efrat, padha ngedoha saka ing kana.


Sawuse iku, ingsun, Sang Prabu Artahsasta wus ngundhangake dhawuh marang sakehing juru gedhong ing tlatah sabrange bengawan Efrat mangkene: Apa sapanjaluke Imam Ezra, ahli Torete Gusti Allahing swarga, kudu katindakake kanthi nastiti,


Amarga aku isin saupama nyuwuna wadya-bala lan wadya-bala jaranan marang Sang Prabu kang rumeksa marang aku kabeh lan kang nanggulangi mungsuh ana ing dalan, mulane mangkono amarga aku wus padha matur marang Sang Prabu: “Astanipun Gusti Allah kawula punika ngayomi dhateng sakathahipun tiyang ingkang ngupadosi ing Panjenenganipun, murih wilujeng, nanging sakathahipun tiyang ingkang nyingkur Panjenenganipun punika sami dipun dhawahi ing pangwaos saha bebendunipun.”


Karodene padha nyaosake layang dhawuhe Sang Prabu marang para wakile Sang Prabu lan para bupati ing dhaerah sabrange kulon bengawan Efrat, lan para priyagung mau padha paring sumbangan marang bangsa kita lan marang padalemane Gusti Allah.


Mangkono aku dadine nemoni para bupati ing sabranging bengawan Efrat sarta serate Sang Prabu daktampakake. Anadene mangkatku iku, awit saka dhawuhe Sang Nata, nganggo diiringake dening para panggedhening perang, kanthi bala jaranan sawatara.


Ing sandhinge iku kang padha mbangun Melaca wong ing Gibeon lan Yadon wong ing Meronot, karo wong ing Gibeon lan ing Mizpa, kang ana ing wilayahe bupati ing sabrange bengawan Efrat.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan