Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 2:6 - Kitab Sutji

6 Ing kono pangandikane Sang Prabu marang aku, – nalika iku Sang Prameswari lenggah ana ing sandhing dalem –: “Anggonira lelungan iku bakal sapira suwene lan besuk apa anggonira bakal bali?” Lan Sang Prabu banjur karsa ngutus aku, sawuse aku matur bab wektune marang panjenengane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 2:6
9 Iomraidhean Croise  

Dhuh Gusti Allah, talingan Paduka mugi nilingna dhateng pandonganipun abdi Paduka saha pandonganipun para kawula Paduka ingkang kanthi eklasing manah ngabekti dhateng asma Paduka, saha abdi Paduka mugi Paduka angsalna damel ing dinten punika saha manggiha sihpiwelasipun tiyang punika.” Ing wektu samana aku dadi juru pangunjukane Sang Prabu.


Sajrone iku mau kabeh kelakon, aku ora ana ing Yerusalem, amarga ing taun kang kaping telung puluh lorone paprentahane Sang Prabu Artahsasta, ratu ing Babil, aku bali seba marang ing ngarsane Sang Prabu. Nanging sawuse sawatara mangsa aku nyuwun pamit maneh marang panjenengane.


Pangandikane Sang Prabu marang aku: “Yen mangkono apa kang dadi panyuwunira?” Ing kono aku ndedonga marang Gusti Allahe saindenging langit,


sarta banjur munjuk marang Sang Prabu: “Manawi ndadosaken keparenging karsa dalem, dhuh Sang Prabu, saha manawi abdi dalem manggih sih wonten ing ngarsa dalem, mugi karsaa ngutus kawula dhateng tanah Yehuda, dhateng kitha pakuburanipun para leluhur kawula, kalilana punika kawula bangun malih.”


Malah uga wiwit aku winisudha dadi bupati ana ing tanah Yehuda, yaiku wiwit ing taun kang kaping rong puluh nganti tekan ing taun kang kaping telung puluh loro ing paprentahane Sang Prabu Artahsasta, dadi rolas taun lawase, aku karo para sadulurku padha ora tau njupuk panduman, kang dadi wewenange bupati.


Sira bakal mbangun gempuran kang wus atusan taun, lan bakal ndandani tetales kang wus kapasang pirang-pirang turunan. Sira bakal kasebut “kang ndandani tembok kang jebol”, “kang ndandani dalan supaya panggonan kono kena dienggoni”.


Wong-wong mau bakal padha mbangun gempuran kang wus atusan taun anane, sarta ngedegake maneh panggonan-panggonan kang wus dadi sepi wiwit biyen; bakal padha mbangun kutha-kutha kang wus dadi gempuran, panggonan-panggonan kang wus turun-tumurun sepi.


Sarta bakal kelakon sadurunge padha sesambat, Ingsun wus paring wangsulan, nalika lagi padha munjuk, Ingsun wus midhangetake.


Sumurupa lan mangretia: wiwit kawiyose pangandika mau, yaiku manawa Yerusalem bakal kapulihake lan kabangun maneh, nganti rawuhe kang dijebadi, yaiku sawijining ratu, iku ana pitu kaping pitung mangsa; lan sawidak loro kaping pitung mangsa lawase anggone kutha iku bakal kabangun maneh, mawa alun-alun lan kalen, nanging ana ing sajroning karubedan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan