NEHEMYA 2:5 - Kitab Sutji5 sarta banjur munjuk marang Sang Prabu: “Manawi ndadosaken keparenging karsa dalem, dhuh Sang Prabu, saha manawi abdi dalem manggih sih wonten ing ngarsa dalem, mugi karsaa ngutus kawula dhateng tanah Yehuda, dhateng kitha pakuburanipun para leluhur kawula, kalilana punika kawula bangun malih.” Faic an caibideil |
Pramila manawi wonten keparenging karsa dalem Sang Prabu, mugi wontena dhawuh dalem nitipriksa ing gedhong raja-brana kagungan dalem Sang Prabu ingkang wonten ing Babil ngriku, punapa sayektos wonten dhawuh dalem Sang Prabu Koresy, supados mbangun padalemaning Allah wonten ing Yerusalem wau. Wasana kekancingan dalem Sang Prabu tumrap prekawis punika mugi lajeng kaparingna dhumateng kawula.”
Manawi ndadosaken keparenging panggalihipun Sang Prabu, mugi ndhawuhna undhang-undhang ing karajan kapacaka wonten ing angger-anggeripun bangsa Persia lan Media, ingkang boten kenging kaceled, inggih punika bilih Sang Prameswari Wasti boten kenging sowan malih wonten ing ngarsanipun Sang Prabu Ahasyweros, saha kalenggahanipun dados Prameswari kaparingna dhateng putri sanesipun, ingkang ngungkuli utaminipun.
manawi kawula angsal sihkadarmanipun Sang Prabu, sarta manawi kepareng ing karsa dalem maringi kawula ingkang dados pangajeng-ajeng kawula, saha ngleksanani ingkang dados panyuwun kawula, mugi Sang Prabu karsaa rawuh nedhaki ing bujana ingkang badhe dalem saosaken malih, sarta Haman mugi kalilana ndherek, benjing-enjing kawula badhe ngestokaken dhawuh dalem.”
sarta munjuk: “Manawi Sang Prabu marengaken saha kawula manggih sih wonten ing ngarsa dalem, punapa malih manawi miturut panggalihipun Sang Prabu unjuk kawula punika kagalih prayogi, tur kawula damel renaning panggalih dalem, mugi kawedalna serat prentah nyeled serat-serat damelanipun Haman bin Hamedata, turunipun Agag, ingkang isi dhawuh supados numpes sakathahipun tiyang Yahudi ingkang wonten ing sakathahipun dhaerah wewengkonipun Sang Prabu.
Sumurupa lan mangretia: wiwit kawiyose pangandika mau, yaiku manawa Yerusalem bakal kapulihake lan kabangun maneh, nganti rawuhe kang dijebadi, yaiku sawijining ratu, iku ana pitu kaping pitung mangsa; lan sawidak loro kaping pitung mangsa lawase anggone kutha iku bakal kabangun maneh, mawa alun-alun lan kalen, nanging ana ing sajroning karubedan.