NEHEMYA 2:4 - Kitab Sutji4 Pangandikane Sang Prabu marang aku: “Yen mangkono apa kang dadi panyuwunira?” Ing kono aku ndedonga marang Gusti Allahe saindenging langit, Faic an caibideil |
Dhuh Gusti Allah, talingan Paduka mugi nilingna dhateng pandonganipun abdi Paduka saha pandonganipun para kawula Paduka ingkang kanthi eklasing manah ngabekti dhateng asma Paduka, saha abdi Paduka mugi Paduka angsalna damel ing dinten punika saha manggiha sihpiwelasipun tiyang punika.” Ing wektu samana aku dadi juru pangunjukane Sang Prabu.
Aku mangsuli marang wong-wong iku, tembungku: “Gusti Allahipun saindenging langit, inggih Panjenenganipun punika ingkang murugaken kula sami saged ngrampungaken padamelan kula, kula para abdinipun sampun sami samekta mbangun. Nanging panjenengan sami boten kagungan panduman utawi wewenang lan boten badhe dipun engeti wonten ing Yerusalem!”