Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 2:3 - Kitab Sutji

3 Unjukku marang Sang Prabu: “Sang Nata mugi sugenga ing salaminipun! Kadospundi anggen kawula boten sedhih, manawi kitha, pakuburanipun para leluhur kawula punika dados gempuran saha gapuranipun sami kabesmi?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 2:3
21 Iomraidhean Croise  

Sang Putri Batsyeba banjur jengkeng kalawan sumungkem wedanane nganti konjem ing bumi, tuwin sujud nyembah marang Sang Prabu sarta munjuk: “Gusti kawula Sang Prabu Dawud mugi sugenga ing salaminipun!”


Kacarita ing sasi kang kalima ing tanggal kaping pitu ing sasi iku – iku taun kang kaping sangalase jamane Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil – Sang Nebuzaradan, panggedhening wadya-bala tamtama, punggawane Sang Nata ing Babil, rawuh ing Yerusalem,


Nalika jumeneng ratu panjenengane yuswa telung puluh loro taun, dene anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem lawase wolung taun. Sedane ora ana kang nangisi. Anggone nyarekake ana ing kuthane Sang Prabu Dawud, nanging ora ana ing pasareane para ratu.


Sang Prabu Akhas nuli kepareng aso nunggil karo leluhure lan kasarekake ana ing kutha, ana ing Yerusalem, nanging ora kasarekake ing pasareane para ratu Israel. Pangeran Hizkia, kang putra, banjur jumeneng ratu nggentosi panjenengane.


Sang Prabu Hizkia nuli kepareng aso nunggil karo para leluhure, lan kasarekake ing unggah-unggahan kang anjog ing pasareane para putrane Sang Prabu Dawud. Nalika sedane wong satanah Yehuda kabeh lan para kang manggon ing Yerusalem padha nyaosi pakurmatan marang panjenengane. Pangeran Manasye, kang putra, banjur jumeneng ratu nggentosi panjenengane.


Padalemaning Allah diobong, temboke Yerusalem dirubuhake lan sakehe puri ing kutha padha diobongi kalawan geni, satemah padha sirna sakehe prabot kang endah-endah.


Tembunge marang aku: “Tiyang-tiyang ingkang taksih manggen wonten ing ngriku lan boten katut katawan punika sami sanget ngrekaos gesangipun sarta dados cacadan. Balowartinipun Yerusalem sampun kabibrah tuwin gapuranipun sampun sami kabesmi.”


Aku banjur metu ing wayah bengi, ngliwati gapura Lebak, ngener ing sendhang Ula Naga lan ing gapura Pawuhan, sarta niti-priksa balowartine Yerusalem kang padha mobrak-mabrik lan gapurane kang padha kaobong nganti entek.


Amargi kadospundi anggen kawula badhe tegel ningali bilai ingkang badhe ndhawahi bangsa kawula? Kadospundi anggen kawula badhe tegel ningali tumpesipun sanak-sadherek kawula?”


Paduka piyambak badhe jumeneng paring piwelas dhateng Sion, amargi sampun dumugi titimangsanipun kaparingan sih, sampun dumugi ing wancinipun.


Awit para abdi Paduka sami remen dhateng sela-selanipun, sarta sami ngraos mesakaken dhateng reremukanipun.


Ilatku kraketa ing cethak, manawa aku ora tetap eling marang kowe, sarta manawa Yerusalem ora dakdadekake musthikaning kabungahanku?


Kawula ngantos wungkuk, ngantos mbengkeluk sanget; sadinten muput anggen kawula lumampah sarwi mangangge bagor.


Nalika sasi kalima tanggal kaping sapuluh – iku taun kang kaping sangalase jumenenge Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil – Sang Nebuzaradan, panggedhene wadya-bala pengawal, kang ngladeni Sang Nata ing Babil, rawuh ing Yerusalem.


Gapurane padha ambles ing bumi, Pangeran Yehuwah ngrisak lan nugel-nugel slarake; rajane lan panggedhene padha dumunung ana ing antarane bangsa manca. Ora ana pitedah saka Sang Yehuwah dalah para nabine padha ora tampa wahyu saka Panjenengane.


Para wong Kasdim iku banjur padha munjuk marang Sang Prabu (ing basa Aram): “Dhuh Sang Prabu! Mugi langgenga kasugengan dalem! Mugi karsaa paring sumerep bab supena punika dhateng para abdi dalem, mangke kawula badhe ngunjukaken maknanipun.”


Iku padha munjuk marang Sang Prabu Nebukadnezar: “Dhuh Sang Prabu, mugi langgenga kasugenganipun gusti kawula!


Awit saka pangandikane Sang Prabu lan para panggedhe, abdine mau, Sang Prameswari Ibu banjur tindak lumebet ing gedhong papaning bujana. Sang Prameswari Ibu tumuli ngandika: “Dhuh Sang Prabu, muga langgenga kasugengane! Ciptaning panggalih aja nganti ndadekake kejot lan aja dadi pucet;


bareng ana sacelake luweng, nuli nguwuh marang Sang Dhaniel kalawan swara sungkawa, mangkene pangandikane marang Sang Dhaniel: “Dhaniel, abdining Allah kang gesang, Allahira kang sira sembah kalawan tumemen, apa Panjenengane saged ngluwari sira saka ing singa-singa iku?”


Wasana banjur padha rerembagan: “Kita boten badhe saged angsal dhadhakan kangge nggigat Dhaniel punika, kajawi ing bab anggenipun ngabekti dhateng Allahipun!”


Kutha-kuthanira bakal Sundadekake jugrugan, lan pepundhenira padha Sungempuri, lan pisungsungira kang gawe rena bakal ora Sunambet.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan