NEHEMYA 2:16 - Kitab Sutji16 Anadene para panggedhe ora sumurup aku mentas menyang ngendi lan apa kang wus daktindakake, amarga nganti tumeka saprene aku durung kandha apa-apa marang wong Yahudi, dadia marang para imam utawa marang para panggedhe; dadia marang para kang ngasta pangwasa utawa wong liyane kang kaampilan ayahan. Faic an caibideil |
Ing kono wong-wong iku banjur padha dakkandhani: “Panjenengan sami nguningani ing kasrakatan ingkang kita alami punika, inggih punika bilih Yerusalem dados gempuran lan gapuranipun kabesmi. Milanipun sumangga sami mbangun balowartinipun Yerusalem, supados kita sampun ngantos kalajeng-lajeng dados cacadan malih.”