Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 2:12 - Kitab Sutji

12 ing wayah bengi aku tangi karo wong sawatara kang melu aku. Ora ana kang dakkandhani, apa kang diosikake ana ing atiku dening Gusti Allahku tumrap kang bakal daktindakake ana ing Yerusalem, sanadyan kewan iya ora ana kang melu aku kejaba mung kewan kang daktunggangi bae.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 2:12
20 Iomraidhean Croise  

Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhur kita, kang kanthi mangkono wus karsa ngebahake panggalihe Sang Prabu, satemah panjenengane banjur damel edi endahe padalemane Sang Yehuwah kang ana ing Yerusalem,


Kacarita aku wus tekan ing Yerusalem. Sawuse telung dina ana ing kono,


Aku banjur metu ing wayah bengi, ngliwati gapura Lebak, ngener ing sendhang Ula Naga lan ing gapura Pawuhan, sarta niti-priksa balowartine Yerusalem kang padha mobrak-mabrik lan gapurane kang padha kaobong nganti entek.


Yerusalem padha suwunna tentrem rahayu: “Sakehing wong kang tresna marang kowe ginanjara kasantosan.


Awit Paduka boten ngarsakaken mundhut kurban sembelehan, kurban obaran Paduka inggih boten karsa.


Wong kang wicaksana iku ndhelikake kawruhe, nanging atine wong bodho mamerake kabodhoane.


Ana wayahe nyuwek, ana wayahe ndondomi; ana wayahe meneng, ana wayahe caturan.


Nanging prajanjian kang bakal Sundamel karo wong Israel, sawuse wektu iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – iku mangkene: ToretingSun bakal Sunparingake ana ing batine, sarta Sunserat ana ing atine; Ingsun banjur bakal jumeneng dadi Allahe lan wong-wong iku bakal padha dadi umatingSun.


Ingsun bakal damel prasetyan langgeng kalawan umatingSun iku, manawa Ingsun ora bakal nilar, nanging bakal damel becik. Ingsun bakal paring ati kang wedi-asih marang Ingsun, supaya aja ngedohi Ingsun.


Mulane ing mangsa iku, sapa kang duwe budi bakal meneng bae, marga wektu iku wektu kang ala.


Aja ngandel marang mitra, aja pasrah marang kanca, jaganen lawanging cangkemmu tumrap wong wadon kang leyeh-leyeh ing pangkonmu.


“Lah kowe padha daklakokake kayadene wedhus gembel menyang ing satengahing asu ajag, mulane sing ngati-ati kaya ula lan sing bares kaya manuk dara.


Yusuf tangi lan ing bengi iku uga Sang Putra dalah kang ibu diajak ngungsi menyang ing tanah Mesir,


Nanging puji sokur konjuk marang Gusti Allah, kang maringi katemenan kang kaya mangkono uga ana ing atine Titus ing bab anggone mbiyantu kowe,


Senapati Yusak banjur klawan ndadak nempuh marang mungsuhe, sawise sawengi muput bidhal saka ing Gilgal.


Amarga atine wus diwangsit dening Gusti Allah supaya nglakoni kang dadi karsane kanthi tunggal sedya, apadene supaya masrahake paprentahane marang si kewan, nganti tumeka pangandikane Gusti Allah wus padha katetepan kabeh.


Gidheon tumuli nggawa bature sapuluh lan nindakake apa kang wus kadhawuhake Sang Yehuwah mau. Nanging sarehne ora wani nglakoni ing wayah awan, awit wedi karo kulawangsane lan wong-wong ing kutha kono, mulane anggone nindakake ing wayah bengi.


Ingkang punika sumangga panjenengan dalem kawula aturi jengkar ing wanci dalu, inggih panjenengan dalem dalah rakyat ingkang ndherekaken panjenengan dalem, saha kawula aturi nyegat wonten ing pategilan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan