NEHEMYA 2:10 - Kitab Sutji10 Bareng Sanbalat, wong ing Horon lan Tobia, wong Amon, kang dadi abdi, padha krungu bab iku, temah banget anyele atine, amarga ana wong teka kang arep gawe raharjane wong Israel. Faic an caibideil |
Amarga Sang Mordekhai iku dadi priyagung kang angka loro ing sangandhape Sang Prabu Ahasyweros, lan panjenengane diurmati dening wong Yahudi lan ditresnani dening para sentanane, amarga anggone ngudi murih kabegjaning bangsane lan marga kang kapangandikakake iku tumuju marang ing karaharjaning bangsane.
Sang Ismael banjur nawan kabeh kekarening rakyat kang ana ing Mizpa: para putrine Sang Prabu lan sakehing wong kang isih kari ana ing Mizpa kang didadekake reh-rehane Sang Gedalya bin Ahikam dening Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal; Sang Ismael bin Netanya nawan para wong iku lan banjur sumedya sumingkir menyang ing tlatahe bani Amon.