NEHEMYA 2:1 - Kitab Sutji1 Ing sasi Nisan, ing taun kang kaping rong puluhe paprentahane Sang Prabu Artahsasta, nalika aku nindakake kawajibanku nyawisake anggur, aku njupuk anggur daksaosake marang Sang Nata. Sarehne aku katon sedhih, kang pancen durung tau kelakon ana ing ngarsane Sang Prabu, Faic an caibideil |
Dhuh Gusti Allah, talingan Paduka mugi nilingna dhateng pandonganipun abdi Paduka saha pandonganipun para kawula Paduka ingkang kanthi eklasing manah ngabekti dhateng asma Paduka, saha abdi Paduka mugi Paduka angsalna damel ing dinten punika saha manggiha sihpiwelasipun tiyang punika.” Ing wektu samana aku dadi juru pangunjukane Sang Prabu.
Sumurupa lan mangretia: wiwit kawiyose pangandika mau, yaiku manawa Yerusalem bakal kapulihake lan kabangun maneh, nganti rawuhe kang dijebadi, yaiku sawijining ratu, iku ana pitu kaping pitung mangsa; lan sawidak loro kaping pitung mangsa lawase anggone kutha iku bakal kabangun maneh, mawa alun-alun lan kalen, nanging ana ing sajroning karubedan.