Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 13:9 - Kitab Sutji

9 Wasana aku mrentahake supaya kamar iku disucekake, nuli pirantine padalemaning Allah sarta kurban dhaharan lan menyan padha daklebokake mrono maneh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 13:9
5 Iomraidhean Croise  

Sang Nata ngandika: “Padha ngrungokna, he para wong Lewi! Ing saiki sira padha sesucia, mangkono uga padalemaning Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurira iya sucekna!


Lan kawitane glepungku sair tuwin sakehing pisungsungku kang mligi, wohing sarupaning karang kitri, anggur lan lenga bakal dakgawa menyang ing ngarepe para imam, ing kamar-kamare padalemaning Allahku, sarta pisungsung saprasapuluhane sakehing pametuning bumiku marang para wong Lewi, amarga iya para wong Lewi iku kang narik pisungsung prasapuluhan ing sakehing kutha-kutha patanenku.


Amarga wong-wong iku kang padha nindakake kawajiban leladi marang Gusti Allah lan padha kawajiban nucekake, mangkono uga para pasindhen lan jaga gapura, cundhuk karo pranatane Sang Prabu Dawud lan Sang Prabu Suleman, putrane.


Ing kono uga ana kamare siji, kang lawange dumunung ing bangsal, iku papan kanggo ngumbah kurban obaran.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan