Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 13:5 - Kitab Sutji

5 nyawisi Tobia mau kamar kang gedhe. Maune kamar iku kanggo nyimpen dhaharan, menyan lan piranti-piranti, apadene pisungsung prasapuluhan tumrap gandum lan anggur sarta lenga kang dadi hake para wong Lewi, para pasindhen, para jaga gapura, tuwin pisungsung mligi kang kanggo para imam.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 13:5
9 Iomraidhean Croise  

Ing wektu iku ana wong sawatara kang dipatah nglurahi kamar-kamar parawatan, kamar-kamar pisungsung mligi, panenan kawitan tuwin pisungsung prasupuluhan, supaya sumbangan kang manut pranatan dadi pandumane para imam lan para wong Lewi lan kang cundhuk karo kaanane pategalane saben kutha, diklumpukake ana ing kamar-kamar kono. Awit bani Yehuda padha bungah-bungah ing ngatase para imam sarta para wong Lewi kang padha nindakake ayahan.


Sarta manawa para bani Lewi padha mupu pisungsung prasapuluhan mau, padha kinanthenan imam, tedhake Imam Harun. Sabanjure para wong Lewi iku bakal nggawa saprasupuluhe pisungsung prasapuluhan mau menyang ing padalemaning Allahku, menyang ing kamar-kamare gedhong parawatan.


Dhuwite dibayarake marang para tukang kayu lan para tukang bangunan, padha dianggo tuku watu tatahan lan kayu kanggo blandar sarta kanggo ragangane gedhong-gedhong, kang wus rusak lan ora kagalih dening para ratu ing Yehuda.


Lan kawitane glepungku sair tuwin sakehing pisungsungku kang mligi, wohing sarupaning karang kitri, anggur lan lenga bakal dakgawa menyang ing ngarepe para imam, ing kamar-kamare padalemaning Allahku, sarta pisungsung saprasapuluhane sakehing pametuning bumiku marang para wong Lewi, amarga iya para wong Lewi iku kang narik pisungsung prasapuluhan ing sakehing kutha-kutha patanenku.


Satekaku ing Yerusalem, aku banjur nyumurupi pratingkahe Elyasib anggone nguntungake Tobia, yaiku anggone nyawisi kamar ana ing plataraning padalemane Gusti Allah.


Ing kono uga ana kamare siji, kang lawange dumunung ing bangsal, iku papan kanggo ngumbah kurban obaran.


Sang Prabu Hizkia banjur dhawuh nyawisake kamar-kamar ana ing padalemaning Sang Yehuwah, lan iku iya nuli kacawisake.


Mangkono uga anakku lanang pembarep lan anaking kewanku lanang pembarep bakal padha daksaosake marang ing padalemaning Allahku, yaiku marang para imam, kang nganakake kebaktian ana ing padalemaning Allahku, kaya kang katulisan ana ing kitab Toret. Uga pedhet-pedhetku lan cempe-cempeku kang pembarep.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan