Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 13:4 - Kitab Sutji

4 Nanging sadurunge iku Imam Elyasib kang dipatah nglurahi kamar-kamar padalemaning Allahku, lan kang pasrawungane raket karo Tobia,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 13:4
7 Iomraidhean Croise  

Yesua nurunake Yoyakim, Yoyakim nurunake Elyasib, Elyasib nurunake Yoyadha,


Ing wektu iku ana wong sawatara kang dipatah nglurahi kamar-kamar parawatan, kamar-kamar pisungsung mligi, panenan kawitan tuwin pisungsung prasupuluhan, supaya sumbangan kang manut pranatan dadi pandumane para imam lan para wong Lewi lan kang cundhuk karo kaanane pategalane saben kutha, diklumpukake ana ing kamar-kamar kono. Awit bani Yehuda padha bungah-bungah ing ngatase para imam sarta para wong Lewi kang padha nindakake ayahan.


Putrane Imam Agung Yoyadha bin Elyasib ana siji kang wus dadi mantune Sanbalat, wong Horoni, mulane daktundhung saka ing ngarepku.


Bareng Sanbalat, wong ing Horon lan Tobia, wong Amon, kang dadi abdi, padha krungu bab iku, temah banget anyele atine, amarga ana wong teka kang arep gawe raharjane wong Israel.


Imam Agung Elyasib nuli tumandang ing gawe kanthi sadherek-sadhereke para imam, padha mbangun gapura Wedhus Gembel, disucekake sarta ditrapi inebe; anggone nucekake nganti tutug ing menara Mea lan menara Hananeel.


Bareng Sanbalat lan Tobia sarta Gesyem, wong Arab, apadene mungsuh kita liyane padha krungu, yen wus rampung anggonku mbangun balowarti lan wus ora ana kang bolong maneh, sanadyan ing wektu semana gapurane durung dietrapi ineb,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan