Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 13:2 - Kitab Sutji

2 Amarga padha ora gelem mapag wong Israel kalawan suguhan roti lan banyu, nanging malah ngopahi Bileam supaya nglawan lan ngipat-ipati wong Israel. Nanging ipat-ipate iku diwalik dening Gusti Allah dadi berkah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 13:2
12 Iomraidhean Croise  

Kajengipun sami nyupatani, Paduka badhe mberkahi, kajengipun mengsah-mengsah kawula sami nandhang wirang, nanging abdi Paduka manggiha kabingahan.


He umatingSun, padha elinga apa kang karancang dening Balak, ratu ing Moab, lan kapriye kang dadi wangsulane Bileam bin Beor, tuwin apa kang kelakon wiwit saka ing Sitim nganti tekan ing Gilgal, supaya sira ngakonana pandamel-pandameling Yehuwah kang adil.”


Bileam banjur medharake kidung, pangucape: “Dhuh Sang Prabu Balak, sumangga kawula aturi jumeneng saha karsaa miyarsakaken; dhuh putranipun Sang Zipor, sumangga kawula aturi nilingaken dhateng atur kawula.


Sang Nata bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira: Samubarang kabeh kang sira tindakake kanggo salah sawijining saduluringSun kang asor dhewe iki, iku iya sira tindakake kagem Ingsun.


Wong Amon lan Moab ora kena lumebu ing pasamuwane Sang Yehuwah, malah turune kang kaping sapuluh iya ora kena lumebu ing pasamuwane Sang Yehuwah salawas-lawase;


awit padha ora mapag marang kowe kalawan nyuguh roti lan banyu nalika kowe padha lumaku metu saka ing tanah Mesir, apadene marga anggone ngopahi Bileam bin Beor saka ing Petor ing tanah Aram-Mesopotamia, supaya nglawan kowe, yaiku supaya ngipat-ipati kowe.


Nanging Pangeran Yehuwah ora karsa nyembadani marang Bileam, malah ipat-ipate diwalik dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, dadi berkah awit Pangeran Yehuwah. Gusti Allahmu, ngasihi marang kowe.


Sarehne padha ninggal dalan kang bener, banjur padha kesasar, ngenut dalane Bileam anake Beor kang seneng tampa opah tumrap panggawe-panggawe ala.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan