Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 13:1 - Kitab Sutji

1 Ing nalika iku perang-perangane kitabe Nabi Musa kawaca lan karungokake dening rakyat. Ing kitab kono tinemu ana tulisan kang mratelakake, manawa wong Amon lan wong Moab iku ing salawase ora kena lumebu ing pasamuwane Gusti Allah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 13:1
22 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu banjur tedhak menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah kadherekake dening sakehe wong Yehuda lan kabeh pendhudhuk Yerusalem, para imam, para nabi lan sakehe rakyat lumrah, wiwit kang cilik nganti kang gedhe. Panjenengane tumuli maosake sakehing pangandika ing kitab prajanjian kang ketemu ana ing padalemaning Sang Yehuwah mau.


Ing wektu iku aku uga mrangguli wong Yahudi sawatara kang wus ngalap bojo wong wadon Asdod, wong wadon Amon lan wong wadon Moab.


Bareng Sanbalat, wong ing Horon lan Tobia, wong Amon, kang dadi abdi, padha krungu bab iku, temah banget anyele atine, amarga ana wong teka kang arep gawe raharjane wong Israel.


Nanging bareng Sanbalat wong ing Horon lan Tobia, wong Amon, kang dadi abdi sarta Gesyem, wong Arab, padha krungu wartane iku, nuli padha moyoki lan ngremehake, pangucape: “Punapa ta kang sami panjenengan tandangi punika? Punapa panjenengan sami sumedya mbalela dhateng Sang Prabu?”


Tobia, wong Amon kang ana ing sandhinge banjur ngucap: “Sanadyan wus dibangun maneh, saupama ana asu alasan mlumpat lan nyenggol, mesthi njugrugake tembok watu iku.”


nuli wong sabangsa kabeh padha sarujuk nglumpuk ana ing plataran sangareping gapura Banyu. Panyuwune marang Imam Ezra ahli kitab, supaya mundhut kitabe Toret Nabi Musa, yaiku kitab angger-angger kang wus kadhawuhake Sang Yehuwah marang Israel.


Nalika padha ngadeg iku, banjur diwacakake perangan-peranganing kitab Torete Sang Yehuwah, Gusti Allahe, saprapat dina suwene, sarta seprapat dina maneh padha ngakoni dosane, lan sumungkem sujud nyembah marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe,


Golekana ana ing kitabe Sang Yehuwah lan wacanen; makhluk-makhluk iku mau kabeh siji bae ora ana kang ora ana, ora ana kang kelangan kancane; amarga mangkono dhawuh kang miyos saka ing tutuke Pangeran Yehuwah, sarta Rohe Sang Yehuwah piyambak kang nglempakake iku kabeh.


Tumrap Moab. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: “Bilai Nebo, amarga kutha iku wus karusak! Kiryataim wus kawirangan lan wus karebut! Kutha-beteng iku kawirangan lan giris!


Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane bani Amon telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun, awitdene wus mbedheli wetenge wong wadon kang meteng ing Gilead, karepe arep ngelar wewengkone dhewe.


Sang Nata tumuli utusan nimbali Bileam bin Beor menyang ing Petor kang ana ing sapinggire bengawan Efrat, menyang ing nagarane para mitrane tunggal bangsa, piwelinge mangkene: “Lah ana sawijining bangsa kang teka saka ing Mesir kang nganti nglimputi salumahe bumi; iku lagi lereb ana ing ngarepku.


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kang katulisan ing Toret kapriye? Apa kang kokwaca ing kono?”


Sawise angger-anggering Toret lan kitabe para nabi kawaca, para punggawaning papan pangibadah padha kongkonan matur marang sakarone: “Para sadherek, bokbilih panjenengan sami kagungan pangandika minangka pambangun saha panglipur tumrap umat punika, sumangga kula aturi nglairaken.”


Amargi sampun wiwit jaman rumiyin angger-anggeripun Nabi Musa punika kaundhangaken wonten ing saben kitha, saha dumugi sapriki ing saben dinten Sabat kawaos wonten ing papan-papan pangibadah.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan