NEHEMYA 12:1 - Kitab Sutji1 Iki pratelane bab para imam lan para wong Lewi, kang bali mulih bareng karo Sang Zerubabel bin Sealtiel lan Yesua: Seraya, Yeremia, Ezra, Faic an caibideil |
Bareng nyandhak taun kang kapindho sawuse padha teka ing padalemaning Allah ing Yerusalem ing sasi kapindho, Sang Zerubabel putrane Sang Sealtiel lan Imam Yesua putrane Imam Yozadak karo para sadhereke liyane, yaiku para imam lan para wong Lewi, apadene sakehe wong kang padha bali saka ing tawanan menyang ing Yerusalem, padha wiwit tumandang ing gawe, sarta padha matah para wong Lewi kang umur rong puluh taun sapandhuwur supaya padha ngulat-ulatake pagawean mbangun padalemaning Pangeran Yehuwah.
banjur padha nemoni Sang Zerubabel lan para kepalaning kulawangsa, sarta padha matur: “Kula sami kalilana tumut mbangun kaliyan panjenengan sadaya, ujer kula inggih sami ngabekti dhumateng Gusti Allah panjenengan sami kados panjenengan, lan inggih tansah sami kula saosi kurban wiwit jamanipun Sang Prabu Ezar-Hadon, ratu ing Asyur, ingkang dhawuh mindhah kula mriki.”