Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 11:3 - Kitab Sutji

3 Iki pratelane bab para penggedhening propinsi Yehuda kang dedalem ana ing Yerusalem, dene ing kutha-kutha ing tanah Yehuda wong Israel padha manggon ing tanah darbeke dhewe-dhewe ana ing kuthane dhewe-dhewe: yaiku wong lumrah, para imam, para wong Lewi, para abdi ing padalemaning Allah lan turune para abdine Prabu Suleman.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 11:3
14 Iomraidhean Croise  

Iki pratelane bab wong ing propinsi Yehuda kang padha budhal mulih saka ing pambuwangan, yaiku para tawanan kang biyen padha diboyongi menyang ing tanah Babil dening Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, kang padha bali mulih menyang ing Yerusalem lan tanah Yehuda menyang ing kuthane dhewe-dhewe.


Iki para abdi ing padalemane Gusti Allah: bani Ziha, bani Hasufa, bani Tabaot;


Dene para imam lan para wong Lewi sarta uga saperanganing rakyat, para pasindhen lan para jaga-gapura tuwin para abdining padalemaning Allah padha manggon ana ing kutha-kuthane, mangkono uga wong Israel liyane kabeh iya padha manggon ana ing kuthane dhewe-dhewe.


Saluwihe para wong Israel kang lumrah lan para imam sarta para wong Lewi padha manggon ana ing sakehe kutha ing tanah Yehuda ing tanah pusakane dhewe-dhewe.


Bani Yehuda lan bani Benyamin kang padha manggon ana ing Yerusalem yaiku: saka bani Yehuda: Ataya bin Uzia, bin Zakharia, bin Amarya bin Sefaya bin Mahalaleel, bin Peres,


Iki para imam: bani Yedaya, yaiku kulawangsa Yesua: sangang atus pitung puluh telu;


Iki para wong Lewi: bani Yesua lan Kadmiel, lan bani Hodewa: pitung puluh papat.


Iki para abdi ing padalemane Gusti Allah: bani Ziha, bani Hasufa, bani Tabaot,


Iki pratelane ing propinsi Yehuda kang padha mangkat mulih saka ing pambuwangan, yaiku para tawanan kang biyen padha diangkatake dening Sang Prabu Nebukadnezar ratu ing tanah Babil, nuli padha bali mulih menyang ing Yerusalem lan ing Yehuda, sawiji-wijine menyang ing kuthane dhewe-dhewe.


Tekane iku padha kairid dening Sang Zerubabel, Yesua, Nehemya, Azarya, Raamya, Nahamani, Mordekhai, Bilsan, Misperet, Bigwai, Nehum lan Baana. Iki pratelane bab wong-wong bangsa Israel:


Anadene para imam, para wong bani Lewi sarta para jaga-gapura apadene pasindhen, tuwin uga saperangane rakyat, para abdi ing padalemane Gusti Allah tuwin para wong Israel liyane kabeh padha manggon ana ing kuthane dhewe-dhewe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan