NEHEMYA 11:1 - Kitab Sutji1 Para panggedhening bangsa padha dedalem ana ing Yerusalem, dene kekarene padha ngumbulake undhi, kagawe nemtokake wong siji saben sapuluhe kang oleh manggon ana ing kutha suci Yerusalem, nuli kang sanga manggon ana ing kutha-kutha liyane. Faic an caibideil |
Sarta kalawan nguncalake undhi aku kabeh, yaiku para imam, para wong Lewi lan wong lumrah, padha netepake sawijining patrap nyawisake kayu obong. Kayu iku kudu kagawa menyang ing padalemaning Allah, giliran, dening golonganing kulawargaku kabeh, ing wektu-wektu kang wus katemtokake ing saben taun, supaya ing misbyahe Sang Yehuwah, Gusti Allahku, ana geni kang murub, netepi apa kang katulisan ana ing kitab Toret.