Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 1:9 - Kitab Sutji

9 Nanging manawa padha mratobat marang Ingsun sarta netepi lan nglakoni ing pepakeningSun, sanadyan wong panunggalanira iku padha anaa ing poncoting langit, mesthi padha Sunklumpukake saka ing kono lan Sungawa menyang ing panggonan kang wus Sunpiji kanggo padununganing asmaningSun.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 1:9
28 Iomraidhean Croise  

manawi lajeng sami wangsul mratobat dhumateng Paduka kalayan gumolonging manahipun sarta gumolonging nyawanipun wonten ing nagarinipun mengsah ingkang mboyongi kadadosaken tawanan wau, punapa malih manawi sami ndedonga dhumateng Paduka kalayan majeng dhateng ing nagarinipun ingkang sampun Paduka paringaken dhumateng leluhuripun, dhateng kitha ingkang sampun Paduka pilih saha dhateng ing padaleman ingkang sampun kawula degaken kagem asma Paduka,


Pangandikane Sang Yehuwah marang panjenengane mangkene: “Ingsun wus midhangetake pandonga lan panyuwunira kang sira unjukake marang Ingsun; Ingsun wus nucekake padaleman kang sira yasa kagem paleremaning asmaningSun ing salawas-lawase. PaningalingSun lan galihingsun bakal tansah ana ing kono.


Sarta padha munjuka: “Kawula mugi sami Paduka luwari, dhuh Yehuwah Allah, juru-Wilujeng kawula sadaya, saha karsaa ngempalaken kawula sadaya punapa dene karsaa nguwalaken saking ing antawisipun para bangsa, supados kawula lajeng sami ngunjukaken panuwun dhumateng asma Paduka ingkang suci, saha supados ageng manah kawula ing salebeting panggunggung-nggugung dhumateng Paduka.”


Anadene Gusti Allah kang wus ngarsakake asmane dedalem ana ing kono iku, muga ngrebahna sadhengaha ratu lan sadhengaha bangsa kang kumlawe tangane sumedya nerak putusan iki, lan ngrusak padalemaning Allah kang ana ing Yerusalem iku. Ingsun Dharius, kang ngundhangake dhawuh iki. Poma iku kaestokna temenan.”


Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, kawula mugi Paduka luwari, sami kaklempakna saking ing antawisipun para bangsa, supados kawula sami ngucap sokur dhumateng asma Paduka ingkang suci, sami ageng ing manah kalayan ngaturaken pepujian dhumateng Paduka.


kang dikumpulake saka ing nagara-nagara, saka ing tanah wetan lan kulon, saka ing lor lan saka ing kidul.


Pangeran Yehuwah mbangun Yerusalem, sarta ngempalake para wong Israel kang pating blesar.


Panjenengane bakal ngedegake gendera kanggo bangsa-bangsa, bakal nglempakake para wong Israel kang kabuwang, sarta bakal ngempalake para wong Yehuda kang sumebar ing keblat papat.


Ing wektu iku Pangeran Yehuwah bakal nindakake pangrontogan wiwit saka ing bengawan Efrat nganti tekan ing kali Mesir, sarta kowe kabeh bakal padha dikumpulake siji-siji, he wong Israel!


Mangkene pangandikane Pangeran Allah kang nglempakake para wong Israel kang kabuwang: Ingsun bakal nglempakake wong maneh Sunwewahake marang para wong kang wus padha tetunggalan.”


Nanging sawuse Sunbethot, bakal Suntresnani maneh, Ingsun bakal ngulihake siji-sijine menyang ing tanah pusakane lan nagarane dhewe-dhewe.


He bocah-bocah kang padha murtad, muliha, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – amarga Ingsun iku gustinira! Ingsun bakal mundhut sira saka angger kutha wong siji, saka saben kulawarga wong loro lan bakal ngirid sira menyang ing Sion.


He para bangsa, padha rungokna pangandikane Sang Yehuwah, iku undhangna ing tanah-tanah pesisir kang adoh, kandhakna: Panjenengane kang wus mbuyarake Israel karsa ngempalake maneh lan rumeksa kaya pangon marang pepanthaning wedhuse.


Sanyatane, Ingsun ngempalake para wong iku saka ing sakehing nagara, papan anggoningSun mbuyarake marga saka dukaningSun, mulad-mulading bebenduningSun lan gedhening pamuringingSun, lan Ingsun bakal ngulihake para wong iku mrene lan Sundamel tentrem pamanggone.


Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Lah, ana sawijining bangsa kang bakal teka saka ing tanah lor, ana sawijining suku bangsa kang gedhe kang bakal teka saka ing poncoting bumi.


Awit saka iku sira tutura marang turune Israel mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Padha mratobata lan padha ngungkurna brahala-brahalanira lan ninggala sakehing panggawenira kang nistha,


Ingsun bakal methuk sira kabeh saka ing antarane para bangsa lan nglempakake sira saka ing sakehing nagara; sira bakal padha Sunirid bali menyang ing tanahira.


Manawa lakunira padha miturut ing pranataningSun sarta tansah padha gondhelan marang prentahingSun, lan nindakake iku,


Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Lah umatingSun Sunentasake saka ing panggonan pletheking srengenge nganti tumeka ing papan surupe,


Panjenengane tumuli bakal ngutus para malaekate kanthi swaraning kalasangka kang banter banget, iku bakal padha ngumpulake wong-wong pilihane saka ing keblat papat, saka tepining langit tekan ing sisihe.


Manawa panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem njejegake asmane iku kadohan saka panggonanmu, kowe kepareng nyembeleh panunggalane sapimu lan wedhusmu peparinge Sang Yehuwah marang kowe, kaya kang dakprentahake marang kowe, sarta mangana daginge ana ing panggonanmu ing sasenenging atimu.


Nanging panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, saka ing sakehe talermu kagem padununganing asmane, kagem njejegake asmane ana ing kono, panggonan iku golekana lan iku paranana.


“Anadene samangsa kowe wus katekan samubarang kabeh kang wus dakandharake ana ing ngarepmu mau, yaiku berkah lan laknat, mangka kowe banjur ngrumangsani ana ing sajroning atimu ana ing satengahe sakehe bangsa, ing ngendi parane anggonmu ditundhung dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan