Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 1:7 - Kitab Sutji

7 Kawula sami sampun kalepatan sanget dhumateng Paduka sarta sami boten netepi ing pepaken, pranatan tuwin tatanan ingkang sampun Paduka dhawuhaken dhateng abdi Paduka Musa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 1:7
24 Iomraidhean Croise  

Nglakonana kawajibanmu kalawan setya marang Sang Yehuwah, Allahmu; karo maneh lakumu metua ing dalan pitedahe sarta lestarekna anggonmu ngenut sakehing katetepan, prentah, pranatan tuwin katemtuan, kaya kang katulis ing angger-anggere Nabi Musa, supaya samubarang kabeh kang koklakoni lan sakehing sedyamu bisa oleh gawe,


Nanging anak-anake ora diukum pati, awit Sang Nata nindakake apa kang katulisan ing sajroning Toret, yaiku kitabe Nabi Musa, kang uga isi dhawuhe Pangeran Yehuwah: “Aja ana bapa kang mati marga saka anake, lan uga aja ana anak kang mati marga saka bapakne, nanging saben wong matine kudu marga dosane dhewe.”


Sang Prabu nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Yehuwah, plek kaya kang dilampahi dening Sang Prabu Uzia, kang rama, mung bae panjenengane ora lumebet ing padalemaning Yehuwah. Nanging rakyat isih terus bae anggone nindakake bab kang gawe rusak.


Imam Ezra iku budhal saka ing Babil. Panjenengane iku ahli Kitab, putus ing Torete Nabi Musa, peparinge Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel. Lan Sang Prabu maringi apa kang disuwun, amarga astane Pangeran Yehuwah ngayomi panjenengane.


Kawula sadaya kaliyan para leluhur kawula, sampun sami nglampahi dosa, kawula sampun sami lepat sarta nglampahi duraka.


Saupama anak-putune padha nglirwakake ToretingSun, sarta lakune ora manut ing pranataningSun,


lan padha nerak marang katetepaningSun, sarta ora netepi pepakeningSun,


Bilai bangsa kang dosa, golongan kang kabotan duraka turune wong ala, bocah-bocah kang tumindak ora becik! Iku padha ninggal Sang Yehuwah, padha ngala-ala marang kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, tuwin ngungkurake Panjenengane.


Sadaya tiyang Israel sampun sami nerak pepaken Paduka tuwin sami nyimpang, awit boten mirengaken swanten Paduka! Awit saking punika kawula sampun sami kadhawahan ing ipat-ipat saha supaos, ingkang kaserat ing Kitab Toretipun Nabi Musa, abdinipun Gusti Allah punika, amargi kawula sampun nglampahi dosa dhumateng Panjenenganipun.


Kadosdene ingkang kaseratan wonten ing Kitab Toretipun Nabi Musa; bilai punika sadaya sampun tumempuh dhateng kawula sadaya, dene kawula boten sami nyuwun sih-piwelasing Sang Yehuwah, Allah kawula, kanthi patrap nilar sakathahing kalepatan kawula sadaya saha migatosaken dhateng kaleresan ingkang saking Paduka.


Ala banget pokale wong-wong iku kaya kang kelakon ana ing Gibea. Pangeran bakal enget marang durakane lan dosane wong-wong iku bakal kaukum.


Iku mau pepakon-pepakon kang didhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa ana ing gunung Sinai tumrap wong Israel.


PangiraningSun: Mesthine saiki bakal wedi marang Ingsun, lan migatekake marang pamada sarta sakehe kawajiban saka Ingsun ora bakal dilirwakake. Ewadene malah mundhak nemen anggone mbanjurake sakehing pokale kang ala.


Padha elinga marang Toret kang wus Sundhawuhake marang Musa, abdiningSun, nalika ana ing gunung Horeb, supaya kawartakna marang Israel kabeh, yaiku pranatan-pranatan lan pepakon-pepakon.


“Mulane saiki, he wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakwarahake marang kowe supaya padha koklakoni, temah kowe lestari urip sarta padha lumebu lan ngejegi nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, marang kowe.


Elinga, kowe wus padha dakwarah bab katetepan lan pranatan kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahku, marang aku, supaya padha nglakoni ana ing nagara kang kokparani lan kang bakal kokejegi.


Nabi Musa banjur nimbali nglumpuk wong Israel kabeh sarta padha didhawuhi: “He wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakgelarake marang kowe ing dina iki, supaya padha kokpindeng lan koklakoni kalawan setya.


“Iki dhawuh, yaiku katetepan lan pranatan kang atas dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, dakwulangake marang kowe, supaya padha dilakoni ana ing nagara kang kokparani bakal kokejegi,


awitdene leres lan patitis pangadilanipun, amargi Panjenenganipun ingkang sampun ngadili wanita tunasusila ageng, ingkang ngrisak bumi srana lampahipun jina; sarta Panjenenganipun punika ingkang sampun malesaken rahipun para abdinipun dhateng wanita punika.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan